Jumat, 22 November 2013

UJI KOMPETENSI 1 BAHASA JAWA KELAS XII


UJI KOMPETENSI 1
CRITA WAYANG

A.    Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d, utawa e ing sangarepe pratelan kang koanggep bener!

1.    Wayang Purwa anane wiwit taun 939 M, nalika Sri Jayabaya jumeneng nata ing....
a.    Jenggala
b.    Medhang
c.    Kedhiri
d.    Singasari
e.    Kahuripan

2.    Ing kabudayan Jawa wayang mujudake gegambaran manungsa wiwit lair tumekaning pati  lan alam kang langgeng. Mula sajroning pagelaran wayang kulit iku ngemot tontonan, tuntunan lan tatananing urip. Wayang kulit uga diarani ….
a. Wayang purwa                              
b. Wayang golek                    
c. Wayang suket
d. Wayang beber
e. Wayang wong
3.     Ana ing tanah Jawa ana lakon loro kang dadi sumbering crita wayang kulit kang asale saka India, yaiku…
a. Ramayana lan Mahabarata                                   
b. Arjuna wiwaha lan Mahabarata                              
c.  Mahabarata lan Arjuna wiwaha
d. Baratayuda lan  Arjuna wiwaha
e. Ramayana lan Baratayuda
4.    Budaya iku nduweni teges…
a.  woh pangulahing budi  kang katemu antaraning pikir lan batin.
b. tuladha kang becik kang kudu ditindakake.
c. ngelmu filsafat   kanggone wong urip.
d. piwulang kabecikan tumrap urip bebrayan
e. ngelmu sangkan paraning dumadi.
5.    Ing epos Ramayana, sejatine kang njalari perang gedhe antarane Dasamuka lan Rama yaiku …
a. dasamuka nyidra dewi sinta
b. dasamuka muka dipaeka/diapusi adhine dhewe yaiku gunawan wibisana.
c. Rama pengin ngelar jajahan tekan Alengka
d. dasamuka kepengin mbrastha angkara murkane ramawijaya
e. Anoman ngobong taman sari ing alengka


6.    Ing serat Tripama, ana paraga loro (2) kang pantes kinarya tuladha para prajurit saliyane Karna, yaiku…lan….. serat tripama iku anggitane sapa.
a. Kumbakarna, Suwanda, Yasadipura.
b. Harjuna, sumantri, Mangkunagara IV
c. Kumbakarna, Patih Suwanda, Mangkunagara IV
d. Ramawijaya,  Kumbakarna,  Ronggowarsita.
e. Suryatmaja, Kumbakarna , Harjuna Sasrabahu.
7.    Wayang purwa  kagawe saka....
a.    Lulang
b.    Kayu
c.    Dluwang
d.    Rontal
e.    Godhong
8.    Paraga sing nyengkuyung pagelaran wayang purwa kaya ing ngisor iki, kajaba....
a.    Dhalang
b.    Pangarwit
c.    Paniti
d.    Wiraswara
e.    Sindhen
9.    Wayang sing nyritake lakone Amir Ambyah lan Umarmaya, yaiku....
a.    Wayang Golek
b.    Wayang Madya
c.    Wayang Beber
d.    Wayang Purwa
e.    Wayang Gedhog
10.  Aran utawa jenenge liya Raden Werkudara, kajaba....
a.    Bratasena
b.    Bima Sena
c.    Sena
d.    Arya Sena
e.    Raden Suwirya
11.  Asmane gurune Werkudara yaiku....
a.    Dursasana
b.    Sengkuni
c.    Jayajatra
d.    Suyudana
e.    Durna
12.  Sawise Bima pasrah, dicritani yen buta loro mau malihane dewa loro amarga lagi antuk paukuman saka Hyang Guru. Dewa loro iku arane....
a.    Sang Hyang Surya lan Sang Hyang Bayu
b.    Sang Hyang Surya lan Sang Hyang Endra
c.    Sang Hyang Endra lan Sang Hyang Bayu
d.    Sang Hyang Girinata lan Sang Hyang Pramesthi
e.    Sang Hyang Girinata lan Sang Hyang surya
13.  Perang Baratayuda iku perang darah Barata ing antarane....
a.    Prabu Pandhu-Tremboko
b.    Ayodya-alengka
c.    Pandhawa-Kurawa
d.    Arjuna-Niwatakawaca
e.    Prabu Kresna-Bomanarakasura
14.  Sing diarani Pandhawa, yaiku....
a.    Semar, Gareng, Petruk, Bagong
b.    Yudistira, Bimasena, Arjuna, Nakula, Sadewa
c.    Arimba, Arimbi, Brajadenta, Brajamusthi, Kalabendana
d.    Duryudana, Dursasana, Dursila, Kartamarma, Durmagati
e.    Baladewa, Kresna, Udawa, Sembadra, Sagopa
15.  Asma liyane Prabu Kresna, yaiku....
a.    Prabu Harimurti
b.    Prabu Kurupati
c.    Prabu Suyudana
d.    Prabu Bisma
e.    Prabu Sindukala
16.  Negarane Prabu Kresna yaiku ing....
a.    Dwarawati
b.    Alengka
c.    Amarta
d.    Astina
e.    Kahuripan
17.  Sena bingung lan ngira bakal enggal mati, nanging nalika kekeselen lan ora bisa obah, Bima kelingan yen kudu namakake kuku....
a.    Pancanaka
b.    Saptanaka
c.    Jalasengara
d.    Hastanaka
e.    Gandamana
18.  Ibune Bima asmane....
a.    Dewi Sumbi
b.    Dewi Sumbadra
c.    Dewi Kunthi
d.    Dewi Murti
e.    Retna Drupadi
19.  Wong Jawa nganggep yen crita wayang minangka gegambarane urip. Dewa Ruci wujuding crita asli wayang Jawa menehi gambaran kang cetha ngenani sesambungan harmonis antarane....
a.    Anak marang wong tuwa
b.    Kawula lan Gusti
c.    Anak marang bapak
d.    Anak marang ibu
e.    Guru marang siswa
20.  Guru Durna menehi ngerti marang Bima supaya antuk banyu suci, kang arane....
a.    Prawitasari
b.    Tirtamerta
c.    Tirtasari
d.    Tirtasara
e.    Pancamaya
21.  Manut crita Dewa Ruci bisa dijupuk sarine yaiku paring piwulang marang siswa supaya....
a.    Pinter
b.    Sekolah
c.    Sregep
d.    Mandhireng pribadi
e.    Temen
22.  Sing kanggo nggambarake srengenge, lintang, lan rembulan....
a.    Kelir
b.    Debog
c.    Cempala
d.    Keprak
e.    Blencong
23.  Wiwitane pagelaran iku diarani....
a.    Paseban jaba
b.    Bodholan
c.    Perang gagal
d.    Gara-gara
e.    Jejer
24.  Dene yen pungkasane pagelaran, diarani....
a.    Paseban jaba
b.    Bodholan
c.    Perang gagal
d.    Gara-gara
e.    Tancep kayon
25.  Buku Mahabarata sing dadi babon cerita wayang purwa iku anggitane....
a.    Pujangga Walmiki
b.    Pujangga Wiyasa
c.    Pujangga Sedhah
d.    Pujangga Panuluh
e.    Pujangga Ranggawarsita

26.  Ing ngisor iki kang ora kalebu syarat srana kanggo nindakake pagelaran wayang...
       a. Dalang                                     
       b. Blencong                             
       c. Gamelan
       d. Waranggana
       e. Video shooting                
27.  Tembung dhalang iku kerata basane ....
       a. Ngudhal piwulang                 
       b. Kadhal lan wulang          
       c. budhal nggawa piwulang
       d. Mbadhal piwulang
       e. Kedaling piwulang

28.  Gambar wayang ing ngisor iki kang jenenge Dasamuka......

a  b  c  d                                    e

29.  Gambar wayang ing ngisor iki kang jenenge Patih Prahastha......

a   b   c                  d      e
30.  Gambar wayang ing ngisor iki kang jenenge Indrajit......

a   b   c                  d      e
31.  Gambar wayang ing ngisor iki kang jenenge anoman......

a   b   c                  d      e
32.  Gambar wayang ing ngisor iki kang jenenge anoman......

a   b   c                  d      e


33.  Gambar wayang ing ngisor iki kang jenenge Prabu Kresna yaiku …….
a b c d     e

34.  Gambar wayang ing ngisor iki kang jenenge Adipati Karna yaiku …….
a b c d     e
35.  Gambar wayang ing ngisor iki kang jenenge Begawan Durna yaiku …….
a b c d     e
36.  Gambar wayang ing ngisor iki kang jenenge Prabu Rama yaiku …….
a b c d     e

37.   Bapake Abimanyu iku satria sekti mandraguna saka kasatriyan Madukara kang aran raden Janaka, yaiku ….
a b c d     e

38.  Bapake Antareja yaiku…..

a b      c   d e
39.  Pandhawa kang tuwa dhewe yaiku……
a b      c   d e


40.  Anake Janaka kang jenenge Abimanyu yaiku….

a b      c   d e

2 komentar: