Rabu, 27 November 2013

Kawruh Pranatacara





KAWRUH MICARA



  
                            






Dening:
AGUS WIDODO














Hambuka Lampahing Tatacara
1.
(Ketawang Mijil Wigaringtyas,  Plg 6)
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawilujengan, katentreman miwah karahayon awit sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, mugi tansah hamemayungana ing madyaning sasana pahargyan ing wanci siyang/dalu  punika .....

Kula nuwun, para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu binektenan.....
Para tamu kakung saha putri, para sinedhahan ingkang sinuba ing pakurmatan .......

Pinarengna kula sumela atur, saha paripaksa nggempil kamardikan anggen panjenengan sedaya ndaweg sekeca imbal wawanpangandikan, labet kula ingkang sinaraya minangka jejer pambiwara, keparengna kula mbiwarakaken menggah lampahing tatacara pahargyan ing wanci dalu punika. Katitimangsa ing ari pinilih, ............................................, surya kaping  ................................................. Bapa  .............................................. sekalian wus hanampi nugraha gung, netepi darmaning asepuh kepareng hangentas pitulus atmaja pawestri, ingkang sesilih ; Rara ................................................., ingkang sampun tinangsulan sah ing reh satataning agami ingkang rinasuk, jinatukrama
dening ...................................., atmajanipun Bapa .......................................... ingkang pidalem ing ................................. Kel .................................... kec. ...............................,   Kab. ..............................

Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing karahayon .... minangka purwakaning atur, langkung rumiyin, sumangga nun, panjenengan sadaya kula dherekaken ngaturaken pangalembana saha panuwun syukur konjuk ing ngarsa dalem Allah SWT, karana agung rahmat sarta barokahipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sadaya lan kula, saengga ing wanci dalu punika saged makempal manunggal ing sasana pahargyan kanthi wilujeng datanpa pambeng, niskala nir ing sambekala.
Para Tamu kakung saha putri ingkang winengku ing suka basuki, binuka lampahing tatacara nun inggih ngacarani miyosing penganten putri saking panti busana, kakanthi lenggah ing sasana rinengga. .... tumuli katungka bidhaling paraga kang kapiji mapag penganten kakung sapangombyong, lumarap ing sasana pahargyan. Sasampunipun penganten kakung sapangarak samapta ing wiwaraning bale winangun, tumuli katindakaken tatacara Pasrah panampi dening para tetuwangga ingkang piniji. Purnaning tatacara pasrah panampi kalajengaken tatacara panggihing penganten, ingkang lajeng siningeban sindur binoyong lenggah jajar sumandhing ing sasana rinengga.
Sasampunipun penganten sarimbit lenggah jajar sumandhing ing sasana kursi rinengga sarwi tinenggan dening rama miwah ibu, tumuli kinayatan tatacara krobongan nuli kalajengaken tatacara pangabekten utawi sungkeman. Saparipurnanipun tatacara pangabekten gya kalajengaken tatacara bubak kawah/tumplak punjen (menawi wonten).

            Para tamu ingkang winantu ing suka hayu,  minangka jangkeping suba sita miwah tatakrami, ing mangke ingkang hamengku gati kepareng badhe manembrama, ngaturaken pambagya yuwana saha panuwun hawit sampun kepareng rawuh panjenengan sadaya.
Sasampunipun atur pambagya yuwana gya kalajengaken tatacara salajengipun nun inggih kirab kanarendran.  Saparipurnaning penganten sekalian hangrasuk busananing satriya gya kinayatan kirab ingkang angka kalih nenggih kirab kasatriyan.
            Wondene minangka pratandha purnaning gati, ing mangke sasampuna penganten sarimbit saha ingkang sami hamangun bebesanan jumeneng ing wiwaraning bale winangun, saperlu nguntabaken jengkar konduripun para tamu.
            Makaten para tamu, sampun kula aturaken urut reroncening tatacara pahargyan prasaja ing ratri kalenggahan menika, mugi handadosna ing kawuningan. Salajengipun mugi wontena keparengipun nglajengaken lelenggahan kanthi suka mardikaning raos, ngantos dumugi purnaning gati. Mugi rahayu ingkang sami pinanggih, winantu ing suka rena..... nuwun. Matur nuwun



2.
Para tamu ingkang winengku ing suka hayu...  sasmita ingkang kula tampi bilih penganten putri anggenipun hangadi busana saha wulas wadana sampun paripurna, tumuli daya-daya kakanthi saha kadherekaken lenggah ing sasana kursi rinengga. Kanthi menika, katur dhumateng ibu ................................................. saha ibu .................................., kasuwun hanganthi penganten putri mijil saking panti busana, kadherekaken lenggah ing kursi rinengga. Para tamu, miyosing temanten putri saking sasana tepas wangi, kalamun cinandra kadya sekar ingkang mawa teja (ketawang sekar teja).
Panyandra
            Wus kapyarsa lamat-lamat hangrangin ungeling Ktw sekarteja. Sung pakurmatan miyosing penganten putri nenggih dyah ayu rara ............................................., jengkar saking panti busana, daya-daya kadherekaken lenggah ing sasana krobongan winangun. Lon-lonan nggennya lumampah kebak ing pangati-ati. Sarwi nut wiramaning gendhing, saha tansah nengenaken mring subasita, jumbuh kalian rum kuncaraning bangsa ingkang tansah hanggung mastuti dhateng endah luhuring budaya.
Cinucukan lampah dening patah sakembaran, ingkang pinaragan dening angger ................... saha angger ........................... Nyata lare pawestri ingkang maksih timur, sinasaban busana edi peni, sayekti hamimbuhi semuwaning pahargyan.
Kakanthi dening ibu ....................................., nenggih sekaring pahargyan, heninging cipta hamung nyenyadhang sih wilasaning gusti kang akarya loka, mugya hanurunaken wahyuning palakrama sajuga, dhumateng ingkang ndaweg kapahargya, satemah ambabar kayuwanan niskala datanpa rubeda.
Katingal laju nggennya lumampah tumuju ing krobongan winangun, daya-daya kaaturan lenggah ing papan piniji, hangrantu babaring gati, sedya kang kaesthi......

3.
v  Para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing kawilujengan, kawistara bilih penganten putri sampun lenggah anggana raras ing sasana kursi rinengga, tumuli hangacarani bidhaling ingkang sinaraya mapag penganten kakung dhateng sasana pangrantu. Kanthi menika dhumateng Bapa ............................saha Bapa ............................. keparenga enggal samapta ing dhiri sawega ing gati, nuli nindakaken jejibahan rumagang ing karya. Para tamu , bidhaling kang piniji mapag penganten kakung kinurmatan ungeling ladrang Raja Manggala. Sumangga !

v  Pasrah-panampi

Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakurmatan,
Sasmita utawi tengara ingkang kula tampi, bilih penganten kakung sapangombyong sampun samapta daya-daya lumarap manjing dhateng sasana pahargyan, tumuli badhe katindakaken tatacara pasrah saha panampi. Kanthi menika, katur dhumateng ingkang winantu ing pakurmatan  bapa ..................... , ingkang piniji hanampi sowanipun penganten kakung kanthi kaapit-apit dening bapa .............................. saha bapa ............................ Kasuwun samapta siyaga ing papan piniji sacaketing panyora swara. Mboten katalumpen ugi dhumateng  ingkang hamengku gati : nenggih Bapa ................................ sekalian kasuwun samapta jumeneng wonten papan piniji. Para tamu lumaraping penganten kakung sapangarak, nyuwun pandonga mugi tansah wilujeng (ladrang wilujeng) lampahipun.

Para tamu kakung saha putri. Kawistara pangarsaning lampah nenggih Bapa .................................... sampun samapta ing sacaketing panyora swara, tumuli hamedhar pangandika, masrahaken penganten kakung. Ing wasana wekdal saha panggenan kula aturaken sumangga!


  • Nun inggih paripurna atur pasrah temanten kakung  saking bapa  ................................ gya tinampi dening bapa ........................................ minangka talanging basa  saking bapa ................................... Ing wasana wekdal kula aturaken . nuwun
  • Paripurna pasrah panampining temanten kakung  dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala.

4.
Para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing kawilujengan. Saparipurnaning tacacara pasrah panampi, penganten sapangombyong samapta daya-daya manjing sasana pahargyan, tumuli badhe katindakaken tatacara panggihing temanten.
Kanthi menika dhumateng para paraga ingkang kula sebataken, kasuwun samapta ing karya.
  • Ingkang kasuwun hanganthi penganten putri nenggih ibu ...........................................
  • Ingkang hanganthi penganten kakung bapa ........................ saha bapa ........................
  • Ingkang kasuwun nyamektaaken ubarampe panggihing temanten  ibu........................
  • Wondene tatacara panggihing penganten badhe kapratitisaken dening
ibu ............................................
Sagung para tamu ingkang winantu ing bagya mulya, keparenga panjenengan sadaya paring panjurung donga pamuji, murih rancag wilujeng tumapaking tatacara panggihing penganten.
Para tamu, dhauping penganten, kabiwadha embaning gangsa kodhok ngorek................. sumangga.

RUMPAKA
Mugi hanyembuha tatacara dhauping penganten sajodho ing siyang puniki. Wimbuh kasembuh pangestunipun para sepuh miwa sagung pra tamu ingkang sampun kepareng rawuh. mugyantuk berkah rohmating Allahkang maha mirah mring sagung tumitah.
Kakanthi tumuju papan piniji, nenggih penganten sarimbit, nulya sami apagut tingal, tempuking pandulu catur netra, satemah hambabar daya pangaribawa.
Sakala kumlawe ponang asta, sami bebalangan gantal kang sinebat gondhang kasih sarta gondhang tutur. Winastan gantalan mengku werdi dhumawahing sangat ingkang namung sak keclapan, tan bisa wola-wali, awit inggih titimangsa mbalangaken gantal menika wigatos ingkang sinebat ”panggih”. Gantalan dumados saking ron suruh ingkang lininting, tinangsulan lawe wenang, hamilih sedhah ingkang pethuk temu rosipun, mingka pasemon manunggaling jalu kalawan wanita kakng wus gambuh cipta, rasa miwah karsane, lironsih sarwi mad sinamadan ing tutur kanthi tinangsulan ing reh hanggering palakrami.

Kawistingal penganten priya hamidak tigan, tinindhihan dlamakan. Pecahing tigan sakala wonten rerupen abrit lan pethak ingkang sampun nyawiji, satunggaling pasemon manunggaling priya lan wanita, menggah beblesing pangesthi mugi dadosa wiji dadi, satemah sageda enggal hangemong turun.

Lulus raharja dhauping penganten, tumuli binoyong tumuju ing krobongan winangun risang penganten sarimbit. Gya siningeban slindur dening Ibu ..........................  , minangka pasemon manunggaling kang hapalakrama, wus gambuh cipta rasa miwah karsa, golong gilig saiyeg saeka praya, nggennya arsa mangun bale wisma mugya tansah hantuka lumintuning barokah saking Gusti kang murbeng bawana.

Lumampah tutwuri handayani nenggih Bapa ......................................., nyata sudarma kang wus bangkit sembada hangemban darmaning wredha, wus lila legawa putra kinasih kahemong ing priya. Heninging cipta hamung muhung lumintuning barokah saking pangeran ingkang murbeng titah, mugya penganten sarimbit saged mujudaken kulawarga ingkang sakinah, mawadah warohmah, saha enggal kaparingan amanah arupi putra ingkang sholeh saha sholikhah, minangka tetangsul langgeng trah tumerah ingkang saged anyambung sujarah.

Wus dumugi krobongan winangun, penganten sarimbit kaaturan lenggah jajar sumandhing, hangrantu lumadining tatacara ingkang sampun rinakit.


5.
Krobongan
Para Tamu kakung saha putri ingkang winantu ing suka basuki, ngancik tatacara salajengipun nun inggih tatacara krobongan ingkang samangke badhe kalajengaken tatacara bubak kawah/tumplak punjen.
6.
Bubak Kawah/tumplak punjen.
Para tamu ingkang sinuba ing pakurmatan, tatacara salajengipun nun inggih bubak kawah/tumplak punjen. Dhumateng para paraga ingkang sampun piniji kasuwun nyamektaaken uborampenipun. Sasampunipun ubo rampe cumawis Katur .......................................  saha .................................... keparenga mratitisaken.

TATACARA BUBAK KAWAH
Bismillahirrahmanirrahim.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

            Amastuti wasita aji ujaring para winasis, dupi wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing nugraha saking Gusti ingkang Maha Asih. Mangkana ta wau ingkang hamengku karsa nenggih Bapa ............................................... sekalian, sigra jumangkah hanetepi darmaning agesang, wigati hamberat sakathahing durgama, jer katemben utawi kapisan anggenira gadhah damel mantu, kanthi sarana hambubak kawah ........

            Kacarita duk kalaning bapa ................... murweng resmi ing garwa, amarengi tumuruning wahyu jati sih nugrahaning hyang agung. kama awarna seta manunggal kang awarna wrekta, nulya ibu Mursi kaparengaken hanggarbini.
            Antuk sacandra denira hanggarbini, ponang dzat mulya ngambah alam ekakamandanu, dwi candra dumugi alam dwi panunggal, tri candra ing alam trilokamaya, ugi winastan alam ondar-andir nggih alam gondar-gandir. Liripun.. alam ingkang keliwat gawat, sarta tansah haminta sakehing rêna .... utawi kaprah winastan nyidham.
            Tulus lestari gya ngambah alam catur hanggajati, wulagang neng guwa garba, kadayan dinayaning sarining gana saking Gusti ingkang maha kawasa, dalah tumuruning suksma hanenggih roh suci
            Ngancik panca candra inggih ing alam loka panca yitna jati. Ateges sampun pinaringan sipat jangkep munggwing sadhaka jati.
            Dumugi sad candra utawi alam Sad Loka Jati lan ngancik wonten pitung candra,ingkang winastan sapta kawasa jati, inggih alaming ponang jabang bayi ingkang sampun ginadhuhan panca ndriya. Mila kalamun mesat saking guwa garbaning ibu, sampun bangkit waluya jati, jati temahing waluya.
            Kocapa, ing kalanira dereng tumelung wahyu tumulung, pramila ponang jabang bayi aneras nggenira yoga brata, sadhakep saluku tunggal, ngeningaken pancadriya, papat binerat, sajuga sinidikara nut laksitaning bratajaya, nenggih bajra herawana. Tinampi samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling, sasmita wasitaning kang kwaseng gesang.
            Wudhar denira samadi, ring loka hastajati, amarengi kalaning hasta candra winahya. Nawa candra wus kamarga, andungkap dasa arine, saking loka nawa purnajati sumuling suwung  wiyose, myak langse gendhala giri, saking guwa garba mesat prapteng alam padhang loka pana, acecala sabda nulya .... cenger brol lairing ponang jabang bayi.
            Wijilira sinarengan kadang catur, sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margina; kakang kawah, rah muka miwah adhi ari-ari.
Kacarita, jabang bayi ambabar pawestri, wanci sapeken kaparenging rama-ibu tinengeran Rara lanjar setyarini.
            Enggaling kang winursita, wit wekel taliti tlaten anggenira nglelithing anggulawenthah sarta pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, kaprigelan, kagunan miwah kasusilan, putra pawestri nenggih Rara .................................., wulagang dadya kenya diwasa, seger saras jiwa raga, susila, prasaja, wasis trampil sinembuh sulistyaning warni .... tur ugi sampun pinter ngupa boga ing  ....................., sinaoso tebih paranipun namung ugi ageng gajinipun .....
            Amarengi ari piniji surya pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah ayu sembada jinatukrama dening sang satriya sumbaga wiratama, priya geganthilaning nala, ingkang peparab bagus ........................................., atmaja kakung ..........................................
            Mangkana ta wau, telas paripurna prastawa wigati, badhe penganten putri sinaratan bubak kawah, ingkang esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas saru siku, anyenyadhang nugraha, raharja bagya mulya.
Kasigeg panindaking tatacara bubak kawah, kirang jangkeping atur, kaladuk dalasan cicir cewet pangroncening tembung, ukara miwah basa, namung tumadhah tumetesing pangaksama. Nuwun

TUMPLAK PUNJEN
ASMARADANA
Binarung kidung ngrenggani,
Asmaradana sekarnya
Sung sasmita pilenggahe
Lumadining tatacara
Tumplak punjen wastanya
Pitutur luhur pra sepuh
Ingkang tumrap putra wayah

Para putra katingal sampun sowan ngabyantara wonten ngarsanipun Bapa ............................ Sekalian, tumuli putra pemabyun nenggih ............................................. kepareng badhe matur wonten ngarsanipun rama saha ibu. Menggah wijiling pangandika mekaten:
Putra                   : Kula nuwun Rama dalasan  ibu, kula sakadang sami sowan nuhoni dhawuh timbalanipun Rama tuwin ibu sekalian. Anamung saderengipun kula sedaya nampi dhawuh ingkang wigatos, kula makili sedaya para kadang lan para wayah, sakalngkung rumiyin ngaturaken sungkem mugi katur ngarsa panjenengan, pinangka wujudipunbekti kula sedaya dhumateng Rama dalasan Ibu. Salajengipun kula sedaya ngaturaken agenging panuwun, dene Rama dalasan Ibu sampun kepareng nggulawenthah dhumateng kula sedaya, wiwit alit ngantos dumugining diwasa, kanthi kebak tresna asih, adil lan wicaksana. Namung emanipun, kula sedaya dereng saged ngaturi piwales ingkang satraju kalayan kasaenanipun Rama dalah Ibu, kepara nambah karepotanipun Rama  lan Ibu. Kanthi menika, kula sakadang dalasan para wayah nyuwun diagung ing pangaksama.
*Mekaten menggah aturipun ..................................

Dupi midhanget aturipun ingkang putra, kadya sinendhal mayang jroning nggalih nenggih bapa ................................................ gya umijil aris pangandikanira hananggapi aturipun ingkang putra.
Rama                  : “Oh .............Hiya....! Hiya......! Ngger Anak-anak lan putu-putuku kabeh gawe bombong lan bungahing atiku lan  Ibumu. Ngene ......Ya Nggger! Ndadekna kawruhmu, satemene suwargane wong tuwa iku ora dumunung marang paweweh lan piwales kang wujud bandha donya lan raja brana. Suwargane wong tuwa iku manawa nyawang anak putune padha rukun, padha tentrem, bagya mulya, seger kewarasan, lan urip padha ora nerak angger-anggering agama, nagara lan budaya. Urip tansah nandukake budi welas asih lan ngurmati marang sapepadhane ngaurip, jumbuh kalawan pituduh kang kapacak ana sajroning kitab suci Al Qur’an. Kowe kabeh dadiya wong kang sholeh lan wong sing taqwa
                           “Ngger anak-anak lan putu-putuku kabeh, mangertiya manawa bapak lan ibumu saya suwe tambah tuwa. Kaya-kaya wis ora mbutuhake maneh bandha donya. Mula saka iku apa kang dadi  duweke wong tuwamu bakal dak paringake sira kabeh. Mung wae piwelingku! Sira kabeh aja padha padudon lan aja rebutan. sepira wae lan apa wae kang bakal dak wenehke tampanan kanthi panarimaning atimu. Kanthi mangkono bisa andayani tumrap uripmu kabeh.
                           “Mangkono dhawuhku marang anak putuku, poma-poma lali den elinga. Rahayu..... rahayu . Muga-muga anak-anak putuku padha nemu kabagyan, kamulyan, katentreman  lan kawilujengan ndonya nganti tumekeng akhir.

POCUNG
Pan wus jumbuh, sedaya ingkang pinupuh, gancaran carita, tumplak punjen kang lumadi, bagya mulya , suka rena bale wisma.
7.
Para tamu sinedhahan ingkang winengku ing karahayon. Mekaten kalawau menggah tata upacara adat widi widana bubak kawah/tumplak punjen sampun kalampahan kanthi rahayu wilujeng nir ing sambekala.
Ngancik tatacara salajengipun. Keparenging sedya bapa .................................... badhe manembrama hangaturaken raos suka, ebahing manah bingah nenggih ngaturaken pambagya yuwana dhumateng para tamu sinedhahan ingkang sampun kepareng rawuh. Inggih karana bombong birawaning manah, anggenipun badhe matur namung kandheg wonten samadyaning jangga, mboten kawiyos wijiling lesan. Sintenta ingkang minangka talanging basa atur pambagya, tan nolyan bapa lurah minangka tetuwangganing para kawula dasih ing kelurahan banmati nun inggih Bapa .................................... wondene ingkang kepareng hanjajari  nun inggih bapa ................................. saha Bapa ........................ Mbok bilih sampun samekta ing gati, mrih rahayuning sedya kasumanggakaken. Nuwun.
Para tamu ingkang winantu ing suka hayu, paripurna atur pambagyayuwana saking bapa ........................................... ingkang tinalang basa dening bapa  ........................... kanthi ruruh hangarah prana, titi tata titis, wijang wijiliung pangandika saengga boten wonten ingkang karempit.
Para tamu sinedhahan ingkang winantu ing pakurmatan, keparenging sedya temanten sarimbit badhe jengkar marak sowan wonten ngarsa panjenengan winasta kirab kanarendran, badhe manjing sasana busana arsa ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan.
Kados-kados para paraga ingkang badhe njengkaraken temanten sekalian sampun samekta ing dhiri sawega ing gati. Jengkaring sang subamanggala kalamun cinandra kawistara pyak ngarsa tangkeping wuri.

PANYANDRA SUBAMANGGALA
           
            Padhang hanarawang, sumilak piyak katon hangilak-ilak marga agung kang tumuju dhumatengsasana rinengga. Ana sesotya coplok saking ngembanan, lumampah mbakukuh yayah prayitneng kewuh, lah punika ta warnanira ingkang ndaweg hanawung kridha, angayahi gati kinarya subamanggala ya manggala suba. Mangkana wus kekalung pusptita rinonce, mila sigra madeg esthining driya, lenging cipta arsa amboyong sang pindha narendra tedhak mring panti busana.
            Sinten ta asmane priya jatmika kang kepareng nyangkul jejibahan agung punika, sayekti tan sanes panjenenganipun adhimas __________________________________.
Dhasar pideksa sarwa sembada, maksih mudha tumaruna wimbuh ambeg susila anoraga, prasaja busanane, prasaja uripe, luhur bebudene, tandang tanduke ngresepake, grapyak semanak tur nggih mboten cluthak. Menawi katitik saking solah bawa, liringing netra ebahing sarira, ukeling asta tumapaking pada ngidak wirama, kapracihna bilih sang subamanggala satuhu lebda ing budaya.
Tindakira kadherekaken satriya kembar, kembar baguse kembar busanane lah punika ta warnanira talangpati, manggalayuda ya pratiwa manggalasuba.
            Sumambung ing wuri, barisane para kenya srikandhining praja nuswantara. Angagem busana sarwa edi, solah bawane merak ati, eseme ndudut ati, kedheping netra angrerujit manah. Lumampah kalih-kalih salajur sisih, gandhes luwes wiragane , susila patrape, hangujiwat eseme, pindha angawe-awe para kang ana sandhinge.
            Laju lampahe risang subamanggala, samangke sampun prapta unggyan ingkang tinuju, mila lajeng suka sasmita mring sekaring pawiwahan, gya jengkar saking palenggahan, manjing pepengkeran. ..................

8. ndungkap unggyan ingkang tinuju, lampahe sang subamanggala arsa anjengkaraken risang penganten sarimbit. Wondene jengkaring risang penganten kalamun cinandra pindha narendra ingkang tedhak cangkrama.

PANYANDRA KIRAB KANARENDRAN
            Regu-regeng hamerbawa, risang temanten sarimbit tedhak saking palenggahan, pinapag sang suba manggala arsa jengkar tilar sasana pawiwahan, kinirapaken ngulati wahyuning jodho. Tedhak jleg ngampil amparan rukmi, ginarubyug para rumaja putri saemba putri dhomas, horeg kang samya hanjenengi, prasasat kadi narendra siniwaka satuhu.
            Sinten ta ing ngarsa sung tuladha ingkang minangka senopatining lampah, lah punika ta warnane sang suba manggala. Dhasar tatag-tangguh tanggon prapteng ngendon, datan mingkuh salwiring kewuh. Hanggung kendel tindak sapecak mangu sapecak tumoleh, muhung nuhoni jejibahanipun, supadya risang temanten ingkang katemben winisudha mboten kasandhunging rata, kabentusing tawang towang.
            Sumambung ing wuntat lampahe manggalayuda sakembaran. Wondene sawurinipun ana wanodya alit sakembaran ingkang ketingal sumunar tejane, lamun katingal saking mandrawa, glewo-glewo kadya golek kencana kang bisa tata jalma.
            Sinigeg gantya kang cinarita, sinten ta ingkang mangun karsa, kang busana lir raja kabiwadha, lah punika ta risang mustikaning karya sang temanten kekalih nenggih bagus ..................................... kalian Rara ............................................, lumampah kekanthen asta, keket raket renggang gula kemepyur pulut. Kekalihnya sajak lingsem nanging suka, hanggung reremetan asta, nggraita yen sedaya tamu mboten wonten ingkang pirsa, kajawi pangendhaliwara. Dhasar wus dangu denira hanganti tumapaking pahargyan, marma sekedhap-sekedhap angunjal huswa hanggeget  lathi, karana tansah kadriya kang ginupit mangke ing tilam sari.
            Lampahira sang pindha raja ginarubyuk para remaja putri esthining lir putri dhomas. Dhasar sadaya sami sulistyeng warni, gandhes luwes merak ati. Ing pangajab benjang lamun diwasa sageda dadaos wanita utami. Wondene kang kaajab namung saiji, mugi-mugi mbenjang winengku satriya sejati, yen ora kaya sing MC trima prei.
            Ingkang kepareng tut wuri handayani lah menika ta ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Hanguningani sanggyaning para tamu ingkang samya amarwata suka, rumaos bombong berawaning penggalih prasasat sewu bagya dadya sajuga.

9. HIBURAN
Tuladha Aturipun Panatacara Wonten Ing Salebetipun Swasana Mirunggan
Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana, laksitaning tata adicara ingkang sampun rinakit dening kulawarga kados sampun kaleksanakaken kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Namung panyuwunipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) panjenenganipun para tamu kakung putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati, kula aturaken ing mriki mbok bilih pratandha paripurnaning gati ing kalenggahan punika menawi temanten kekalih miwah rama ibu sampun kawistara jumeneng wonten sangajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, nuwun, matur nuwun.

10. KIRAB KASATRIYAN.
            Para tamu ingkang winantu ing suka hayu, kawistara putra temanten sampun paripurna anggenipun hangrasuk busana kasatriyan. Wondene keparenging sedya, badhe marak sowan ngabyantara malih, saperlu nyenyadhang pudyastawa mrih widadaning bebrayan. Kirabing putra temanten hangrasuk busana kasatriyan kabiwadha ungeling ketawang subakastawa lrs sl pt. 9. sumangga nuwun.
PANYANDRA KIRAB KASATRIYAN
            Padha papan ganti caritane.
Sri temanten wus paripurna anggenipun salin busana, ingkang sekawit busana kanarendran, samangke hangagem busana kasatriyan.
Lampahira sri temanten sarimbit ketingal ayem tentrem mboten was sumelang ing wardaya, labet sampun wonten sang suba manggala ingkang sagah hangentasi karya, mbrastha sakehing rubeda nyingkiraken sakehing memala.
            Sinigeg gantya kang cinarita, nalika semanten tindakira temanten sekalian ginarubyug para putri ingkang pindha dhomas. Wonten ingkang ayu, wonten ingkang manis, kathah ingkang luwes.
            Ana saweneh kenya kang katingal sakedhap-sakedhap sukune mung tansah diangkat, sajak ora kuwat. Kapyarsa lamat-lamat sesambat ana ngarsaning gusti kang akarya jagad. Adhuh tobat-tobat, tak rewangi tirakat nganti mripatku ora kuwat. Gek mbesuk kapan aku diwengku wong pangkat, sing rawuh akehe ora mekakat, lamarane BMW papat, ora tau ditinggal ming........nggon.
            Ana saweneh ingkang ngujiwat eseme, gandhes luwes wiragane, yen ngguyu dhekik pipine, ngembang bakung rikmane, mblarak sempal lembehane. Kapyarsa lamat-lamat sesambate, adhuh lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerke kaya mantene, sing rawuh hanjenengi semene akehe, bregas kabeh among tamune, cukat trengginas panitiane, pambiwarane tanggane dhewe.
            Wondene ingkang minangka pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Jroning cipta tansah meminta nugrahaning gusti kang maha kawasa, mugi putra temanten anggenira lelumban ing alaming bebrayan tansah manggih bagya mulya ingkang sinedya rahayu ingkang tinuju.
            Lulus raharja kalis pringgabayaning marga, samangke risang temanten wus lenggah ing dhampar rinengga, lenggah hamarikelu hangrantu laksitaning adicara salajengipun.

11. Bedhol temanten   
Para tamu kakung saha putri, wiwitan tengahan ngantos pungkasanipun, katiti lampahing tatacara pawiwahan ing siyang punika sampun kaleksanan kanthi rancag prayogi, dumugi titiwanci purnaning gati.
Minagka pratandha purnaning pawiwahan, katur dhumateng bapa ....................................... sekalian garwa, keparenga hangaturi penganten sarimbit saha ingkang sami hamemangun bebesanan jengkar saking palenggahan tumuju ing sangajenging kori wisma pawiwahan, saperlu hangurmati saha hanguntapaken konduripun para tamu. Wondene jengkaring sri atmaja temanten sarimbit kawistara saking mandrawa tansah galeyongan lampahe.
Panutup
Minangka  panutuping atur, kula minangka jejer pambiwara nglenggana, tartamtu kathah cicir cèwèt miwah lacuting atur menapa dene kithaling basa, karana cupeting sastra meranging trapsila kabekta saking kothonging seserepan, ingkang satemah mboten handamel rena miwah sarjuning penggalih, mawantu-wantu kula tumadhah lumebering pangaksama....
Ing wasana wilujeng siang saha konduripun ndherekaken wilujeng, mugi tansah winengku ing kawilujengan ing samargi-margi, ngantos dumugi dalemipun sowang-sowang....... akhirul kalam :
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Matur Nuwun

                                                                               Pesanggrahan Badranaya
Sukoharjo,    Juni  2012



Agus Widodo, S.S.




























PANYANDRA SUBAMANGGALA
           
            Padhang hanarawang, sumilak piyak katon hangilak-ilak marga agung kang tumuju dhumatengsasana rinengga. Ana sesotya coplok saking ngembanan, lumampah mbakukuh yayah prayitneng kewuh, lah punika ta warnanira ingkang ndaweghananwung kridha, angayahi gati kinarya subamanggala ya manggala suba. Mangkana wus kekalung pusptita rinonce, mila sigra madeg esthjining driya, lenging cipta arsa amboyong sang pindha narendra tedhak mring panti busana.
            Sinten ta asmane priya jatmika kang kepareng nyangkul jejibahan agung punika, sayekti tan sanes panjenenganipun adhimas __________________________________.
Dhasar pideksa sarwa sembada, maksih mudha tumaruna wimbuh ambeg susila anoraga, prasaja busanane, prasaja uripe, luhur bebudene, luhur bebudene, tandang tanduke ngresepake, grapyak semanak tur nggih mboten cluthak. Menawi katitik saking solah bawa, liringing netra ebahing sarira, ukeling asta tumapaking pada ngidak wirama, kapracihna bilih sang subamanggala satuhu lebda ing budaya.
Tindakira kadherekaken satriya kembar, kembar baguse kembar busanane lah punika ta warnanira talangpati, manggalayuda ya pratiwa manggalasuba.
            Sumambung ing wuri, barisane para kenya srikandhining praja nuswantara. Angagem busana sarwa edi, solah bawane merak ati, eseme ndudut ati, kedheping netra angrerujit manah. Lumampah kalih-kalih salajur sisih, gandhes luwes wiragane , susila patrape, hangujiwat eseme, pindha angawe-awe para kang ana sandhinge.
            Laju lampahe risang subamanggala, samangke sampun prapta unggyan ingkang tinuju, mila lajeng suka sasmita mring sekaring pawiwahan, gya jengkar saking palenggahan, manjing pepengkeran. ..................

PANYANDRA KIRAB KANARENDRAN
            Regu-regeng hamerbawa, risang temanten sarimbit tedhak saking palenggahan, pinapag sang suba manggala arsa jengkar tilar sasana pawiwahan, kinirapaken ngulati wahyuning jodho. Tedhak jleg ngampil amparan rukmi, ginarubyug para rumaja putri saemba putri dhomas, horeg kang samya hanjenengi, prasasat kadi narendra siniwaka satuhu.
            Sinten ta ing ngarsa sung tuladha ingknag minangka senopatining lampah, lah punika ta warnane sang suba manggala. Dhasar tatag-tangguh tanggon prapteng ngendon, datan mingkuh salwiring kewuh. Hanggung kendel tindak sapecak mangu sapecak tumoleh, muhung nuhoni jejibahanipun, supadya risang temanten ingkang katemben winisudha mboten kasandhunging rata, kabentusing tawang towang.
            Sumambung ing wuntat lampahe manggalayuda sakembaran. Wondene sawurinipun ana wanodya alit sakembaran ingkang ketingal sumunar tejane, lamun katingal saking mandrawa, glewo-glewo kadya golek kencana kang bisa tata jalma.
            Sinigeg fantya kang cinarita, sinten ta ingkang mangun karsa, kang busana lir raja kabiwadha, lah punika ta risnag mustikaning karya sang temanten kekalih nenggih bagus Lilik Kuncoro kalian Rara Endah Yuliati, lumampah kekanthen asta, keket raket renggang gula kemepyur pulut. Kekalihnya sajak lingsem nanging suka, hanggung reremetan asta, nggraita yen sedaya tamu mboten wonten ingkang pirsa, kajawi pangendhaliwara. Dhasar wus dangu denira hanganti tumapaking pahargyan, marma sekedhap-sekedhap angunjal huswa hanggeget  lathi, karan atansah kadriya kang ginupit mangke ing tilam sari.
            Lampahira sang pindha raja ginarubyuk para remaja putri esthining lir putri dhomas. Dhasar sadaya sami sulistyeng warni, gandhes luwes merak ati. Ing pangajab benjang lamun diawsa sageda dadaos wanita utami. Wondene kang kaajab namung saiji, mugi-mugi mbenjang winengku satriya sejati, yen ora kaya guru sma siji trima prei.
            Ingkang kepareng tut wuri handayani lah menika ta ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Hanungani sanggyaning para tamu ingkang samya amarwata suka, rumaos bombong berawaning penggalih prasasat sewu bagya dadya sajuga.








PANYANDRA KIRAB KASATRIYAN
            Padha papan ganti caritane.
Sri temanten wus paripurna anggenipun salin busana, ingkang sekawit busana kanarendran, samangke hangagem busana kasatriyan.
Lampahira sri temanten sarimbit ketingal ayem tentrem mboten was sumelang ing wardaya, labet sampun wonten sang suba manggala ingkang sagah hangentasi karya, mbrastha sakehing rubeda nyingkiraken sakehing memala.
            Sinigeg gantya kang cinarita, nalika semanten tindakira temanten sekalian ginarubyug para putri ingkang pindha dhomas. Wonten ingkang ayu, wonten ingkang manis, kathah ingkang luwes.
            Ana saweneh kenya kang katingal sakedhap-sakedhap sukun emung transha diangkat, sajak ora kuwat. Kapyarsa lamat-lamat sesambat ana ngarsaning gusti kang akarya jagad. Adhuh tobat-tobat, tak rewangi tirakat nganti mripatku ora kuwat. Gek mbseuk kapan aku diwengku wong pangkat, sing rawuh akehe ora mekakat, , lamarane BMW papat, ora tau ditinggal ming....nggon.
            Ana saweneh ingkang ngujiwat eseme, gandhes luwes wiragane, yen ngguyu dhekik pipine, ngembang bakung rikmane, mblarak sempal lembehane. Kapyarsa lamat-lamat sesambate, adhuh lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerke kaya mantene, sing rawuh hanjenengi semene akehe, bregas kabeh among tamune, cukta trengginas panitiane, pambiwarane tanggane dhewe.
            Wondene ingkang minangka pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Jroning cipta tansah meminta nugrahaning gusti kang maha kawasa, mugi putra temanten anggenira lelumban ing alaming bebrayan tansha manggih bagya mulya ingkang sinedya rahayu ingkang tinuju.
            Lulus raharja kalis pringgabayaning marga, samangke risang temanten wus lenggah ing dhampar rinengga, lenggah hamarikelu hangrantu laksitaning adicara salajengipun.

GENDHING UPACARA PAHARGYAN/RESEPSI
Kemis Paing, 3 Mei 2012
Kemasan RT. 01/08 BANMATI, SUKOHARJO

Pambuka                                 : Wigaringtyas/Santi Mulya
manten putri mlebet                : Ktw. Sekarteja
Manten kakung mlebet           :  Wilujeng
Panggih                                   : Kodhok ngorek, ktw larasmaya
subamanggala mlebet              : ayak-ayak
Kirab 1                                    : Sri Narendra
Kirab 2                                    : Subakastawa
Subamanggala wangsul           :
Bedhol manten                        : Gleyong


GENDHING UPACARA PAHARGYAN/RESEPSI
Kemis Paing, 3 Mei 2012
Kemasan RT. 01/08 BANMATI, SUKOHARJO

Pambuka                                 : Wigaringtyas/Santi Mulya
manten putri mlebet                : Ktw. Sekarteja
Manten kakung mlebet           :  Wilujeng
Panggih                                   : Kodhok ngorek, ktw larasmaya
subamanggala mlebet              : ayak-ayak
Kirab 1                                    : Sri Narendra
Kirab 2                                    : Subakastawa
Subamanggala wangsul           : 
Bedhol manten                        : Gleyong






TATACARA BUBAK KAWAH

Bismillahirrahmanirrahim.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

            Amastuti wasita aji ujaring para winasis, dupi wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing nugraha saking Gusti ingkang Maha Asih. Mangkana ta wau ingkang hamengku karsa nenggih Bapa ............................................... sekalian, sigra jumangkah hanetepi darmaning agesang, wigati hamberat sakathahing durgama, jer katemben utawi kapisan anggenira gadhah damel mantu, kanthi sarana hambubak kawah ........

            Kacarita duk kalaning bapa ................. murweng resmi ing garwa, amarengi tumuruning wahyu jati sih nugrahaning hyang agung. kama awarna seta manunggal kang awarna wrekta, nulya ibu Mursi kaparengaken hanggarbini.
            Antuk sacandra denira hanggarbini, ponang dzat mulya ngambah alam ekakamandanu, dwi candra dumugi alam dwi panunggal, tri candra ing alam trilokamaya, ugi winastan alam ondar-andir nggih alam gondar-gandir. Liripun.. alam ingkang keliwat gawat, sarta tansah haminta sakehing rêna .... utawi kaprah winastan nyidham.
            Tulus lestari gya ngambah alam catur hanggajati, wulagang neng guwa garba, kadayan dinayaning sarining gana saking Gusti ingkang maha kawasa, dalah tumuruning suksma hanenggih roh suci
            Ngancik panca candra inggih ing alam loka panca yitna jati. Ateges sampun pinaringan sipat jangkep munggwing sadhaka jati.
            Dumugi sad candra utawi alam Sad Loka Jati lan ngancik wonten pitung candra,ingkang winastan sapta kawasa jati, inggih alaming ponang jabang bayi ingkang sampun ginadhuhan panca ndriya. Mila kalamun mesat saking guwa garbaning ibu, sampun bangkit waluya jati, jati temahing waluya.
            Kocapa, ing kalanira dereng tumelung wahyu tumulung, pramila ponang jabang bayi aneras nggenira yoga brata, sadhakep saluku tunggal, ngeningaken pancadriya, papat binerat, sajuga sinidikara nut laksitaning bratajaya, nenggih bajra herawana. Tinampi samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling, sasmita wasitaning kang kwaseng gesang.
            Wudhar denira samadi, ring loka hastajati, amarengi kalaning hasta candra winahya. Nawa candra wus kamarga, andungkap dasa arine, saking loka nawa purnajati sumuling suwung  wiyose, myak langse gendhala giri, saking guwa garba mesat prapteng alam padhang loka pana, acecala sabda nulya .... cenger brol lairing ponang jabang bayi.
            Wijilira sinarengan kadang catur, sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margina; kakang kawah, rah muka miwah adhi ari-ari.
Kacarita, jabang bayi ambabar pawestri, wanci sapeken kaparenging rama-ibu tinengeran Rara lanjar setyarini.
            Enggaling kang winursita, wit wekel taliti tlaten anggenira nglelithing anggulawenthah sarta pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, kaprigelan, kagunan miwah kasusilan, putra pawestri nenggih Rara .................................., wulagang dadya kenya diwasa, seger saras jiwa raga, susila, prasaja, wasis trampil sinembuh sulistyaning warni .... tur ugi sampun pinter ngupa boga ing  ....................., sinaoso tebih paranipun namung ugi ageng gajinipun .....
            Amarengi ari piniji surya pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah ayu sembada jinatukrama dening sang satriya sumbaga wiratama, priya geganthilaning nala, ingkang peparab bagus ........................................., atmaja kakung ..........................................
            Mangkana ta wau, telas paripurna prastawa wigati, badhe penganten putri sinaratan bubak kawah, ingkang esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas saru siku, anyenyadhang nugraha, raharja bagya mulya.
Kasigeg panindaking tatacara bubak kawah, kirang jangkeping atur, kaladuk dalasan cicir cewet pangroncening tembung, ukara miwah basa, namung tumadhah tumetesing pangaksama. Nuwun







TUMPLAK PUNJEN
ASMARADANA
Binarung kidung ngrenggani,
Asmaradana sekarnya
Sung sasmita pilenggahe
Lumadining tatacara
Tumplak punjen wastanya
Pitutur luhur pra sepuh
Ingkang tumrap putra wayah

Para putra katingal sampun sowan ngabyantara wonten ngarsanipun Bapa ............................ Sekalian, tumuli putra pemabyun nenggih ............................................. kepareng badhe matur wonten ngarsanipun rama saha ibu. Menggah wijiling pangandika mekaten:
Putra                   : Kula nuwun Rama dalasan  ibu, kula sakadang sami sowan nuhoni dhawuh timbalanipun Rama tuwin ibu sekalian. Anamung saderengipun kula sedaya nampi dhawuh ingkang wigatos, kula makili sedaya para kadang lan para wayah, sakalngkung rumiyin ngaturaken sungkem mugi katur ngarsa panjenengan, pinangka wujudipunbekti kula sedaya dhumateng Rama dalasan Ibu. Salajengipun kula sedaya ngaturaken agenging panuwun, dene Rama dalasan Ibu sampun kepareng nggulawenthah dhumateng kula sedaya, wiwit alit ngantos dumugining diwasa, kanthi kebak tresna asih, adil lan wicaksana. Namung emanipun, kula sedaya dereng saged ngaturi piwales ingkang satraju kalayan kasaenanipun Rama dalah Ibu, kepara nambah karepotanipun Rama  lan Ibu. Kanthi menika, kula sakadang dalasan para wayah nyuwun diagung ing pangaksama.
*Mekaten menggah aturipun ..................................

Dupi midhanget aturipun ingkang putra, kadya sinendhal mayang jroning nggalih nenggih bapa ................................................ gya umijil aris pangandikanira hananggapi aturipun ingkang putra.
Rama                  : “Oh .............Hiya....! Hiya......! Ngger Anak-anak lan putu-putuku kabeh gawe bombong lan bungahing atiku lan  Ibumu. Ngene ......Ya Nggger! Ndadekna kawruhmu, satemene suwargane wong tuwa iku ora dumunung marang paweweh lan piwales kang wujud bandha donya lan raja brana. Suwargane wong tuwa iku manawa nyawang anak putune padha rukun, padha tentrem, bagya mulya, seger kewarasan, lan urip padha ora nerak angger-anggering agama, nagara lan budaya. Urip tansah nandukake budi welas asih lan ngurmati marang sapepadhane ngaurip, jumbuh kalawan pituduh kang kapacak ana sajroning kitab suci Al Qur’an. Kowe kabeh dadiya wong kang sholeh lan wong sing taqwa
                           “Ngger anak-anak lan putu-putuku kabeh, mangertiya manawa bapak lan ibumu saya suwe tambah tuwa. Kaya-kaya wis ora mbutuhake maneh bandha donya. Mula saka iku apa kang dadi  duweke wong tuwamu bakal dak paringake sira kabeh. Mung wae piwelingku! Sira kabeh aja padha padudon lan aja rebutan. sepira wae lan apa wae kang bakal dak wenehke tampanan kanthi panarimaning atimu. Kanthi mangkono bisa andayani tumrap uripmu kabeh.
                           “Mangkono dhawuhku marang anak putuku, poma-poma lali den elinga. Rahayu..... rahayu . Muga-muga anak-anak putuku padha nemu kabagyan, kamulyan, katentreman  lan kawilujengan ndonya nganti tumekeng akhir.

POCUNG
Pan wus jumbuh, sedaya ingkang pinupuh, gancaran carita, tumplak punjen kang lumadi, bagya mulya , suka rena bale wisma.





1.    Tuladha pasrah penganten kakung
a.      Tuladha sambutan pasrah temanten kakung.

Kula nuwun.
Bapak…………, minangka sesulihipun Bapak ……………….. ingkang kula tresnani. Kula dipunresaya kadang kula sepuh Kangmas ……………………. ing ……………………………….
Ingkang sepisan, ngaturaken salam wilujengipun kadang kula sepuh Kangmas ……………….. sekalian.
Kaping kalihipun, kula kapitados nyowanaken putranipun jaler, ingkang nama Bagus ………………….. Ingkang kaajab hangemong Rara ………………., putranipun Bapa ……………… sekalian. Ingkang punika kalampahanipun panggih, kula sumanggakaken.
Kula sapangiring, hamung ndherek nyenyuwun ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mugi kalampahanipun panggih tansah binerkahan, sarta wilujeng ing salami-laminipun.
Ing wasana, tumrap kirang jangkeping subasita kula sapangiring temanten, mugi sampun kirang ing pamengku.
Nuwun.
b.      Tuladha sambutan pasrah temanten kakung.

     Assalamu’alaikum Wr. Wb.
     Kula nuwun,
                 Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang luhuring budi. Nyuwun pangapunten dene kula paripaksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kula matur ing ngarsanipun Bapak..(wong tuwane penganten putri)…sekalian garwa.
             
               Nuwun, Bapak..(bapake penganten putri)… sekaliyan, kula sinaraya dening kadang kula enem pun Bapak...(bapake penganten kakung) sekaliyan, supados matur wonten ngarsa panjenegan. Ingkang sepisan, ngaturaken salam taklimipun, kanthi pepuji mugi-mugi panjenengan sakulawarga tansah pinayungan ing Pangeran, kang satemah saget ambabar rahayu wilujeng lumeber ing sedayanipun.
               
               Kaping kalihipun, kula kinanthen rowang sawatawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, nama pun Bagus…(manten lanang).. ingkang sampun sarembag, badhe kadhaupaken kaliyan Rara…(manten wadon)..putra pawestri panjenengan. Ingkang punika mugi keparengan nampi. dene wonten kekiranganipun, Bapak (bapake penganten kakung)..sekaliyan, hanamung saget nyuwun agenging pangaksami.

                Minangka panutuping atur, mbok menawi wonten atur kula saklimah, sowan kula sarowang, ingkang kirang trapsila satemah boten damel suka renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kula namung saget matur, jenang sela wader kali sesonderan, apuranta sedaya lepat kawula.
 Cekap semanten, nuwun. Wekdal kula aturaken wangsul dhumateng panatacara.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
                                                                     Kapetik saka “Mirasa Basa Jawa’

c.    Tuladha pasrah
    
        Kulanuwun,
        Hawit nugraha saha berkahing Gusti Ingkang Maha Agung, sowan kula sapangombyong panganten kakung tansah kinayoman ing karahayon.
 
  Bapak..(wakil saka kang duwe gawe) ingkang kapiji hamakili Bapak..(kang duwe gawe) sekaliyan ing ngriki, sowan kula sapangiring ing ngriki kadhawuhan dening Bapak..(wakil saka penganten lanang) sekaliyan, saking..(alamat penganten lanang).
   Hingkang kapisan, kula kadhawuhan handumugekaken salam wilujengipun, mugi kaaturna dhumateng Bapak..(kang duwe gawe) sekaliyan.
  
     Kaping kalihipun, kula kadhawuhan masrahaken penganten kakung Bagus (penganten lanang) ingkang sampun kasuwunaken hangemong Rr..(penganten putri) putrinipun Bapak… sekaliyan, dados jatukramanipun ngantos tumekeng wuri.
    Menggah kalampahaning panggih, Bapak (manten lanang) sekaliyan hamung sumangga hing pamurbaning Bapak (manten putri) sakulawarga ing ngriki.
    Ing wasana, kula tansah mawantu-wantu lumunturing samodra pangaksama tumrap sedaya kekirangan ing bab tatabasa, paramasastra, punapadene subasita, hanggen kula matur. Nuwun
                                                                              “Bale Marcukundha”
2.     Tuladha panampaning pasrah temanten kakung.
a.    Tuladha panampaning pasrah temanten kakung
Bapak………………………..minangka sulih talanging basa Bapak…………………... sekalian saking ………………………………. ingkang kula urmati.
Kajawi pambage raharja kula dhumateng panjenengan sapangiring panganten priya, salam wilujengipun ingkang hangresaya panjenengan, sampun kula tampi sarta lajeng kula aturaken dhumateng ingkang wajib hanampi Bapak………………………. sekalian.
Panjenengan hanglarabaken Bagus ………………………….., putranipun Bapa ………………. sekalian, ingkang kaajab hangemong sutanipun estri Bapa-Ibu ……………….., nama pun Rara ………………………., punapa dene kalampahanipun ijab saha panggih, panjenengan pasrah ing kula, sampun wonten pamurba kula, sarta tumuli enggal badhe kula estokaken.
Wasana, sumangga sami dipunsuwunaken dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mrih rancag lan wilujengipun ing sapanginggil.
Makaten ingkang saged kula aturaken, wonten kirang pantesing panampi kula, kula nyuwun lumebering sih samudra pangaksama.
Nuwun.






b.    Tuladha nampa pasrah penganten kakung.

    Assalamu’alaikum Wr, Wb.
    Nuwun,
             Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang kula urmati. Mugi kalilanana kula nyulihi sedherek kula anem Dhimas………………ngaturaken wangsulan paring pangandikanipun Bapak…………………………………lumantar Bapak………………

             Bapak……………………………………(paraga kang masrahake)……………..
Kapisan: kula ngaturaken sugeng rawuh panjenengan sarowang. Sakelangkung ing  syukur kula, dene rawuh panjenengan saestu ngetrepi wanci ingkang prayogi.

Angka kalih: salam taklimipun Bapak………………….(besan), lumantar panjenengan, kula tampi kanthi suka rena, gumbira ing manah. Mugi pangajab lan pandonga kala wau kaijabahan dening Allah SWT, ambabar kanugrahan, kawilujengan dhumateng kula sawarga, sumrambah ing para tamu sedaya. Boten langkung dhawah sami-sami.

Kaping tiga: Bapak…………………….lumantar panjenengan maringaken putra jaleripun, nama Bagus……………………., sedaya kalawau kula tampi kanthi suka renaning manah.

             Salajengipun, Bapak…………………….sampun kepareng paring kapitadosan dhumateng kula babagan kalampahanipun dhauping penganten, ing mangke kula sendikani, sanadyan namung sagaduking kuwawi kula.

            Ingkang punika, panjenengan sakanca kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang sampun kula cawisaken, sumene sawetawis ngiras pantes angestreni dhaupipun penganten. Dene wonten kiranging boja lan krama anggen kula nampi rawuh panjenengan sakanca, mugi keparenga maringi agunging pangaksama.
Cekap semanten atur kula. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr, Wb.
                                                             Kapetik saka “Mirasa Basa Jawa”
c.    Tuladha nampa pasrah maneh 
     Kulanuwun,
     Bapak………………………………sapangaraking penganten kakung, minangka wakilipun Bapak…………………………………………….. sekaliyan……………………

      Kula ingkang kapiji hamakili Bapak…………………………………….. sekaliyan, keparengan kula hangatutaken pambage wilujeng hawit rawuh panjenengan sapangaraking penganten kakung. Sasampunipun rawuh panjenegan kula tampi kanthi pambage wilujeng, salam wilujengipun Bapak………sekaliyan, kula tampi kanthi suka lan renaning manah, lan badhe kula dumugekaken ingkang wajib hanampi.

       Menggah pasrah panjenengan, ingkang masrahaken penganten kakung pun Bagus……………Putranipun Bapak……………………………….sekaliyan ingkang sampun kasuwunaken hangemong Rr………………………………putrinipun Bapak…sekaliyan, dados jatukramanipun ngantos tumekeng wuri, kula tampi. Dene kalampahaning panggih sampun wonten ing pamurbaning Bapak…………sekaliyan ing ngriki.

     Hing salajengipun panjenengan sapangiring, kula suwun lenggah dados tamu hangestreni sarta mangestoni lumampahing tatacara kanthi suka renaning penggalih.

    Wasana tumrap kirang jangkeping panampi ing babagan tatabasa, paramasastra punapadene ing subasita, mugi tansaha kersa paring agunging pangaksama.

Nuwun.                                                                “Bale Marcukundha”


Tuladha Atur Pambagyaharja Mantu

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Para sesepuh, pinisepuh, para tamu kakung miwah putri ingkang winengku ing pakurmatan.
Minangka purwakaning atur kula, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngonjukaken suka syukur ing ngarsaning Gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring berkah tuwin rahmat satemah panjenengan sedaya kalian kula saged kempal manunggal wonten papan menika kanthi  manggih karahayon.
Kula kadhawuhan hamakili Bapa …………………….. sekalian supados matur wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Ingkang sepisan Bapa …………………………. sekalian ngaturaken pambagya wilujeng awit rawuh panjenengan, saha ngaturaken gunging panuwun panjenengan sampun kersa rawuh nuhoni panyuwunipun Bapa …………………….. sekalian.
Wosing wigati ing dinten menika Bapa ………………………. sekalian netepi darmaning asepuh, mahargya putrinipun ingkang nama Rara …………………….. sampun kajatukrama kaliyan Bagus …………………….. putranipun bapa …………….. ingkang pidalem ing …………………………..
Ijab qobul saha panggihipun penganten sampun kalampahan pinaringan wilujeng tebih ing pambengan.
Bapa ………………………. sekalian nyuwun donga pamuji panjenengan sadaya, mugi panganten kekalih lestari widada anggenipun mangun bale wisma.
Para tamu sinedhahan ingkang winengku ing sukarena, Bapa ……………………. sekalian ngaturaken gunging panuwun tumrap tandha tresna ingkang sampun katampi, kanthi panalangsaning manah, Bapa ……………………….. sekalian boten saged males sih panjenengan, amung kasumanggakaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Mirah mugi kaparingan leliru ingkang sakalangkung.
Dangu saderengipun Bapa ……………………. sakulawarga anggenipun ngrancang murih pahargyan siyang menika sageda damel renaning panggalih ingkang sami rawuh. Parandene, dumugi tumapaking damel taksih kathah kekiranganipun, boja punapa dene krama, ingkang sadaya kala wau damel kuciwa ing panggalih, keparenga panjenengan hangluberaken agunging pangaksama.
Minangka panutuping atur, kula nglenggana anggen kula matur taksih tebih saking jangkeping tata basa saha nalisir ing trapsila, kula nyuwun pangaksama.
Nuwun.  Matur nuwun





Tidak ada komentar:

Posting Komentar