Rabu, 11 Desember 2013

KUNCI JAWABAN UJI KOMPETENSI 3


KUNCI JAWABAN
UJI KOMPETENSI 3
JAWABAN YANG DICETAK TEBAL

Uji kompetensi 3
ARTIKEL LAN DRAMA


Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c,d utawa e tumrap wangsulan kang bener!
1.    Tulisan kang digarap dening redaksi nganggo tema tartamtu kang dadi isi penerbit diarani ...
a.    artikel resmi   d. artikel umum
b.    artikel lokal    e. artikel sponsor
c.    artikel (redaksi)
2.    Karangan/prosa kang dimomot ing media massa, kang mbahas isu tartamtu, perkara, utawa kasus sing ngrembaka ing masyarakat kanthi lugas Disebut ...
a.    kalawarti        d. pawarta
b.    maca sora     e. maca ekstensif
c.    artikel
3.    Prinsip dhasar ana ing kagiyatan nulis, yaiku …
a.    nemtokake irah-irahan          d. gawe daftar pitakonan
b.    nemtokake tema                  e. gawe janji karo narasumber
c.    nemtokake sapa narasumbere
4.    Artikel kang mbahas utawa nepungake barang tartamtu, diarani artikel …
a.    artikel resmi   d. artikel umum
b.    artikel lokal    e. artikel sponsor
c.    artikel persuasive
5.    Perangan kang wigati ana ing artikel manggon ing ….
a.    pambuka                                          d. wasana basa
b.    isi / surasa                                      e. purwaka
c.    panutup
6.    Jinis-jinis artikel adhedasar kang nulis, yaiku …
a.    sponsor, berita           d. khusus, redaksi
b.    redaksi,umum          e. khusus, sponsor
c.    iklan, redaksi


7.    Langkah-langkah gawe artikel sing pisanan, yaiku...
a.    pola panggawe artikel           d. nemtokake masalah
b.    nguji gagasan                        e. gawe panutup
c.    gawe masalah
8.    Jinising crita kang kajupuk saka crita kang nyata. Dene kang dicritakake uriping manungsa, yaiku...
a.    skenario         d. drama
b.    sesorah          e. tanggap wacana
c.    pawarta
9.    Ing ngisor kalebu unsur-unsur drama, kajaba...
a.    tema  d. plot/alur
b.    karakteristik   e. setting/latar
c.    skenario
10.  Drama kang nyritakake kasusahan utawa prihatin. Jinising iki akeh ditemoni ing sinetron utawa film seri televisi, kawentar kanthi sesebutan ...
a.    drama sejarah           d. drama komedi
b.    drama tragedi            e. drama misteri
c.    melodrama
11.  Nemtokake tema, nemtokake kontemplasi lan wawanrembug, iki kalebu langkah-langkah gawe …
a.    pidato             d. drama
b.    wawancara    e. musyawarah
c.    naskah drama
12.  Ing sajroning ngrantam naskah drama, salah siji kang kudu digatekake yaiku:
a. gawe daftar pitakonan                         d. wawanrembug karo liyane
b. anatomi drama                                   e. gawe janji karo narasumber
c. nemtokake kostum
13.  Ing ngisor iki purwakanthi manut wujude, kajaba...
a.    purwakanthi basa                  d. purwakanthi swara
b.    purwakanthi lumaksita          e. purwakanthi sastra
c.    purwakanthi salin swara


14.  Unen-unen kang runtut swarane (vokal), padatan manggon ana pungkasaning tembung, diarani purwakanthi …
a.    purwakanthi basa        d. purwakanthi swara
b.    purwakanthi lumaksita            e. purwakanthi sastra
c.    purwakanthi salin swara
15.  Iwak bandeng durung wayu, priya nggantheng sugih ilmu.
Unen-unen iku ngemu purwakanthi …..
a.    guru gatra        d. guru basa
b.    guru sastra      e. guru swara
c.    guru lumaksita
16.  Endi kang nuduhake purwakanthi guru basa ?
a.    Kudu sregep sinau, sing kepengin maju
b.    Kolik priya, priyagung, anjani putra
c.    Kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling
d.    Sekar gambuh ping catur. Kang cinatur polah kang kalantur
e.    Pitik walik jambul abang.
17.  Purwakanthi uga bisa diarani …
a.    personifikasi                                        d. superitas
b.    aliterasi                                              e. metafora
c.       delegasi
18.  Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi basa yaiku
a.    Gemi setiti ngati-ati
b.    Bungah susah iku lumrah
c.    Desa mawa cara negara mawa tata
d.    Tata titi Tatas titis
e.    Bayem arda, ardane ngrasuk busana
19.   Kang diarani purwakanthi swara yaiku…..
a.    unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan)
b.    unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho.
c.    unen-unen kang runtut swarane
d.    unen-unen kang beda swarane
e.    unen-unen kang runtut sastrane
20.  Kang diarani purwakanthi lumaksita yaiku…..
a.    unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan)
b.    unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho.
c.    unen-unen kang runtut swarane
d.    unen-unen kang beda swarane
e.    unen-unen kang runtut sastrane
21.  Alur sajroning sandiwara kawiwitan bebuka nganti purnaning crita, alur kang kaya mangkono diarani alur ....
a.   maju
b.   mundur
c.   campuran
d.   mundur maju
e.   maju mundur
22.  Adhedhasar etimologi (asal-usul wujuding tembung), tembung sandiwara, asal saka tembung sandi kang ateges rahasia lan warah kang ateges piwulang, saka basa ....
a.   Sanskerta
b.   Melayu
c.   Yunani
d.   Jawa
e.   India
23.  Menawa ana pasrawungan, aja seneng kumpul karo wong kang ala bebudene. Tegese padha karo....
a.   aja seneng ngebo
b.   aja numpak kebo
c.   aja padha nyedhak kebo
d.   aja seneng kebo bule
e.   aja cedhak kebo gupak
24.  Ing ingisor iki kang ora kalebu alur sandiwara yaiku ....
a.   persuasi
b.   eksposisi
c.   konflik
d.   komplikasi
e.   krisis
25.  Latar utawa setting nyakup aspek perangan ing ngisor iki kajaba ....
a.   ruang
b.   wektu
c.   gerak
d.   papan
e.   alur
26.  Miturut asal usule tembung, drama asale saka basa ....
a.    Jawa
b.   Sanskerta
c.   Yunani
d.   Romawi
e.   Inggris
Pethilan naskah sandiwara 
Kopral Jono lan Kopral Minto ora bisa mbantah prentahe komandan. Kalorone banjur mriksa layone kompeni.
Kopral Jono   : (mbunteti irung). Wis mati isih bisa ngentut.
Kopral Minto : (ngedohi layon). Apa iki? Awake dhewe wis dienggo dolanan. Nalika isih urip ngganggu, bareng mati malah gawe repot, trondholo kecut!
27.  Sing dimaksud kramagung yaiku ….
  1. Kopral Jono.
  2. Mbunteti irung
  3. Wis mati sih bisa ngentut
  4. Kalorone banjur mriksa layone kompeni.
  5. Kopral Jono lan Kopral Minto ora bisa mbantah prentahe komandan.
28.  Kang diarani wawancang yaiku ….
a.   Kopral Jono
b.   mbunteti irung
c.   Wis mati sih bisa ngentut
d.   Kalorone banjur mriksa layone kompeni.
e.   Kopral Jono lan Kopral Minto ora bisa mbantah prentahe komandan.
29.  Rancangan lumakune sandiwara sing awujud adegan-adegan sing tinulis kanthi rinci, lumrahe diarani…
a.       Skenario
b.      Babak
c.       Pandom
d.      Alur
e.       Latar
30.  Saben babak dumadi saka pirang-pirang…
a.    Skenario
b.    Babak
c.     adegan
d.    Alur
e.    Latar





KUNCI JAWABAN UJI KOMPETENSI 2


KUNCI JAWABAN
UJI KOMPETENSI 2
JAWABAN YANG DICETAK TEBAL

UJI KOMPETENSI 2
SESORAH UPACARA ADAT JAWA

1.    Peranganing sesorah kang isine  atur pakurmat lan atur puji syukur iku kalebu perangan…
a.    Salam pambuka         c. surasa/isi     e. salam panutup
b.    purwaka                     d. panutup

2.    Ing ngisor iki kang dudu sarate dadi juru sesorah, utawa pamedhar sabda, yaiku…
a.    Kudu ngadeg jejeg kanthi kapitayan
b.    Polatan lan tindak tanduk nyenengake
c.    Kudu katon pinter supaya dilem kang ngrungokake.
d.    Swara ora kelirihen, nanging uga ora kebanteren.
e.    Bisa ngetrapake kahanan lan swasana.
3.    Kang kudu njaga budayane bangsa Indonesia iku sapa…
a.    Pamarintah
b.    Kraton Surakarta
c.    Kabeh masyarakat
d.    Lembaga swadaya masyarakat
e.    Lembaga bantuan hukum.     
           
4.    Hambok bilih mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih panjenengan kula tansah nyuwun pangapunten. Andharan ing sisih kiwa iki kalebu perangane sesorah yaiku kang diarani…
a.    Purwaka basa             c. Surasa basa                        e. Atur panuwun
b.    Wasana basa             d. Atur pakurmat
5.    Para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten, Bapak Ibu ingkang kinurmatan saha para mudha tumaruna ingkang tansah bagya mulya. Langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngonjukaken raos syukur….Andharan kasebut migunake basa…
a.    Ngoko alus     b. Ngoko andhap    c. Krama andhap    d. Krama alus    e. Kedhaton
6.    Urut-urutan cengkorongan / perangane sesorah yaiku…
a.    Irah-irahan, salam pambuka, wasana, isi, purwaka basa, salam panutup.
b.    Irah-irahan, salam pambuka, surasa basa, wasana basa, salam panutup.
c.    Salam pambuka, pambuka, isi, panutup, salam panutup.
d.    Irah-irahan, salam pambuka, pambuka, isi, panutup, salam panutup.
e.    Salam pambuka, irah-irahan,pambuka, wasana basa, salam panutup.

7.      Ing ngemper omah, Bambang nyawang kang tanpa wates, malah-malah mripat iku sajak wis ora kuwat nyangga luh kang arep tumiba. Bambang ora ngira, jebul bojone saiki wis beda banget karo jaman semana. Biyen setya, alus, lan ngajeni marang dheweke sanajan ngerti yen Bambang iku bebasane wong kraket ing galar. Kok saiki dadi malik grembyang, dheweke wis ora tau gelem ngejeni blas, dupeh rumangsa dadi anake wong moncer. Lelakone Bambang iku wis cengkah/beda  banget karo pesemoning adat jawa babagan…
a.    Ngidak tigan
b.    Sungkeman
c.    Bobot timbang
d.    Dulangan
e.    Kacar-kucur   
8.    Alaming ponang jabang bayi kang wis ginadhuhan pancadriya, mila kalamun mesat saking guwa garbaning rena, sampun bangkit waluya jati, jati temah waluya.…
a.    Saptakawasajati
b.    Pancayitmajati
c.    Caturhanggajati
d.    Hasthasabdajati
e.    Nawapurnajati                          
9.    Sapa kang kepareng nindakake mangku penganten, nalika acara bobot timbang…
a.    Kangmase penganten kakung
b.    Kangmase penganten putri
c.    Bapake penganten kakung
d.    Bapake penganten putri
e.    Ibuke penganten putri.
10.  Tata cara mantu ditindakake ing kulawargane temanten ….
a.      Priya                d. Priya lan wanita
b.      Wanita                        e. Priya utawa wanita
c.      Kang paling tuwa
11.  Sadurunge panggih temanten jrone tata cara mantu, kang dipasrahake yaiku temanten ….
a.      Priya               d. Priya lan wanita
b.      Wanita             e. Priya utawa wanita
c.      Besane kang duwe gawe
12.  Pawongan kang nindakake ayahan nata urut-urutaning acara ing pahargyan diarani …
a.   Paniti swara      d.  Pambiwara
b.   Panitiya             e.  Juru paes
c.   Pangarsa pawiwahan

13.  Lampahing damel cengkorongan pidhato ingkang leres, inggih punika ... .
a. Salam pambuka, Irah-irahan, pambuka , isi/surasa, panutup, salam panutup
b. Irah-irahan,salam pambuka, pambuka, isi/surasa, panutup, salam panutup
c. Irah-irahan, pambuka, isi/surasa, panutp, salam pambuka, salam panutup,  panutup
d.  pambuka, salam pambuka, isi/surasa, panutup, salam panutup
e. irah-irahan, salam pambuka, salam panutup, isi/surasa, panutup
14.  Tata upacara adat Jawi ingkang dipuntindakaken nalika nembe sepisanan mantu dipunwastani…
a.         Tumplak punjen       d. Bubak omah
b.         Bubak gunung          e.  Bubak kawah
c.         Gugur gunung
15.  Tata upacara adat Jawi ingkang dipuntindakaken nalika mantu ingkang pungkasan dipunwastani …
a.      Tumplak punjen       d. Bubak omah
b.      Bubak gunung            e.  Bubak kawah
c.      Gugur gunung

16.  Ing ngisor iki kang ora kalebu urut-urutaning wong kang arep duwe gawe mantu…
a.    Pasang tuwuhan
b.    Siraman
c.    Midodareni
d.    Pasang payon
e.    Nikahan / ijab qobul
17.  Mijile temanten putri saka panti busana dikantheni kanthi gendhing …
a.    Ketawang kodhok ngorek           
b.    Ketawang Tirta kencono 
c.    Ketawang Kodhok bencok
d.    Ketawang larasmoyo
e.    Ketawang sekarteja
18.  Gantal jrone tatacara manten digawe saka …
a.    Suruh, jambe, injet, gambir lan mbako
b.    Suruh kang pethuk rose dilinting lan ditaleni benang
c.    Suruh kang pethuk rose
d.    Suruh
e.    Suruh lan injet
19.  Gantal kang disawatake dening manten priya diarani….
a.    Gondhang kakung
b.    Gondhang manis
c.    Gondhang tutur
d.    Gondhang kasih
e.    Gondhang tresna
20.  Gantal kang disawatake dening manten putri diarani….

a.    Gondhang kakung
b.    Gondhang manis
c.    Gondhang tutur
d.    Gondhang kasih
e.    Gondhang tresna

21.  pasemon midak endhog jrone tata cara mantu yaiku ….
a.   Manunggaling jalu kalawan wanita kakung wus gambuh cipta, rasa miwah karsane, lironsih sarwi mad sinamadan ing tutur kanthi tinangsulan ing reh hanggering palakrami.
b.   Manunggaling priya lan wanita, menggah beblesing pangesthi mugi dadosa wiji dadi, satemah sageda enggal hangemong turun.
c.   Manunggaling kang hapalakrama, wus gambuh cipta rasa miwah karsa, golong gilig saiyeg saeka praya, nggennya arsa mangun bale wisma mugya tansah hantuka lumintuning barokah saking Gusti kang murbeng bawana.
d.   Manunggaling priya lan wanita ing salabetipun nindakaken jejodhoan.
e.   Manunggaling priya lan wanita kangge nindakaken ningkah.

22.  Paningset diperang dadi telu yaiku bakuning paningset, abon-abon paningset lan paningset. Kang kalebu peranganing abon-abon paningset yaiku …
a.   Ali-ali/Sesupe, Stagen, Semekan, Sinjang truntum, Sindur
b.   Stagen, Semekan, sinjang truntum, sega golong, jeruk glundhung, tebu wulung
c.   Pisang ayu, suruh ayu, sega golong, wulu pametuning tetanen, kabutuhan omah
d.   Pisang ayu, suruh ayu, sega golong, jeruk glundhung, tebu wulung
e.   Wulu pametuning tetanen, kabutuhan omah, kabutuhane wong wadon, piranti kanggo dandan, mas-masan, tukon lan sapanunggalane

23.  Salah sawijine tatacara sadurunge tumapake gawe yaiku dodol dhawet. Jrone tata cara kasebut anggone tuku nggunakake …
a.   Dhuwit kertas   
b.   Dhuwit receh    
c.   Dhuwit-dhuwitan
d.   Wingko / kreweng
e.   Beling
24.  Gunggunge kembar mayang ana cacah loro diarani …
a.   Dewandaru lan jayandaru   
b.   Dewa lan daru  
c.   Jayandaru lan jayandari
d.   Dewandaru lan jaladri
e.   Dewandaru lan jalwestri
25.  Para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu binektenan
Para tamu kakung saha putri, para sinedhahan ingkang sinuba ing pakurmatan
Ukara ing dhuwur kalebu perangane tanggap wacana babagan …. 
a.   Pambuka         
b.   Salam pambuka   
c.   Surasa basa
d.   Atur pakurmatan
e.   Panutup

26.  Minangka pambukaning atur adicara pangundhuhing penganten ing wanci siyang menika, langkung rumiyin, sumangga nun, panjenengan sadaya kula dherekaken ngaturaken pangalembana saha panuwun syukur konjuk ing ngarsa dalem Allah SWT, karana agung rahmat sarta barokahipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sadaya lan kula, saengga ing wanci siyang punika saged makempal manunggal ing dalemipun bapak saha ibu Suroto kanthi wilujeng datanpa pambeng, niskala nir ing sambekala.
Pethilan tanggap wacana ing dhuwur kalebu perangan 
a.   Pambuka         
b.   Salam pambuka   
c.   Surasa basa
d.   Atur pakurmatan
e.   Pangajak puja lan puji syukur

27.  Kiranging boja krama anggen kula anampi rawuh panjenengan, kula tansah nyuwun pangapunten.
Pethilan tanggap wacana ing dhuwur kalebu perangan 
a.   Pambuka         
b.   Salam pambuka   
c.   Surasa basa
d.   Panutup
e.   Pangajak puja lan puji syukur
28.  Padatan, sepasar sawise pahargyan manten kang ditindakake ing nggone manten putri, banjur katindakake tatacara mboyong / ngundhuh temanten kang ditindakake menyang omahe ….
a.   Temanten lanang
b.   Temanten putri 
c.   Wong tuwane temanten putri
d.   Pakdhene temanten sakloron
e.   Simbahe temanten putri
29.  Sepasar iku padha karo …
a.   Pitung dina.      
b.   Sepuluh dina    
c.   Limang dina
d.   Telung dina 
e.   Limalas dina

30.  Jrone tatacara ngundhuh temanten kang ditindakake ing omahe wong tuwane manten lanang kang dipasrahake yaiku ….
a.   Temanten wanita  
b.   Temanten priya    
c.   Temanten sarimbit
d.   Kulawargane temanten priya 
e.   Kulawargane temanten wanita