DRAMA
A.
Katrangan
Drama
yaiku jinising cerita kang kajupuk saka cerita kang nyata. Dene kang
dicritakake yaiku uriping manungsa. Mula saka iku, skenarione kudu bisa ditampa
ing pikiran utawa kedadean kang dilakoni manungsa. Drama kaperang kaya ta:
1. Drama sejarah,
yaiku drama yang nyritakake babad / sejarah kang ana tokoh lan kadadeane.
2. Melodrama yaiku drama kang
nyritakake kasusahan utawa prihatin. Jinising iki akeh ditemoni ing sinetron
utawa film seri televisi.
3. Drama tragedi yaiku drama kang
pungkasane kasusahan, tuladha: Romeo lan Juliet, Titanic.
4. Drama komedi, yaiku drama kang ngemu bab kang
lucu.
5. Drama misteri yaiku drama kang
njaga kawigatening kang nonton kanthi suspensel kang kenceng, umpamane tumindak
kriminal utawa lelembut / horor.
6. Drama action/laga yaiku drama kang akeh nontonake adhegan konfrontasi
kanthi setting tradhisional, modern
utawa fiksi ilmiah. Film drama iki akeh wong kang seneng.
Unsur-unsur drama
Drama kalebu seni ephemeral, tegese pagelaran kang dianakake ing wektu tinamtu lan
dipungkasi ing wektu kuwi uga (satu waktu), amarga kadadean-kadadean kang
digelar nggambarake kadadeyan-kadadeyan kang wis suwe lan kudu rampung ing
sawijining wektu. Mulane kudu cetha karakteristik,
purwa, madya lan wasanane. Sadurunge gawe drama, luwih dhisik kudu mangerteni
unsur-unsur kang bisa mujudake sawijining drama, ing antarane yaiku tema,
karakteristik, plot utawa alur, lan setting utawa latar.
1. Tema
Tema bisa uga diarani premis, root idea, thought, aim, central
idea, goal, driving force lan sapanunggalane. Kadhangkala panulis
ngandharake tema kanthi cetha, nanging uga ana kang amung sinandi, ananging
tema kudu digawe kanthi cetha, amarga tema minangka sasaran kang bakal digayuh dening panulis tumrap lakon-lakone.
Tema kuwi minangka amanat utama kang
diandharake dening panulis utawa pengarang liwat karangane (Gorys Keraf, 1994).
Tema bisa uga sinebut muatan intelektual
ing sajroning lakon kalebu topik, ide utawa pesen, lan bisa uga sawijining kahanan
(Robert Cohen, 1983). Adhy Asmara (1983) nyebutake tema minangka premis, yaiku
intisari crita minangka landhesan kanggo nemtokake ancas crita. Kanthi mangkono
bisa dijupuk dudutane tema yaiku ide dasar, gagasan utawa pesen kang ana ing
sajroning naskah lakon, lan iki kang nemtokake arah mlakune crita.
Warna-warna tema drama ing antarane
yaiku:
a.
Tema perjuangan
b.
Tema sosial dan kemanusiaan
c.
Tema katresnan
d.
Tema keagamaan
2. Plot
Plot (alur) ana ing pagelaran drama
duweni kalungguhan kang wigati. Bab iki gegayutan karo pola pengadegan ing pagelaran drama, lan minangka dasar struktur
sakabehing lumakuning pagelaran.
Plot bisa kaperang adhedhasar babak
lan adegan utawa lumaku terus tanpa diperang-perang. Plot minangka lumakune kadadean
sajroning lakon kang terus lumaku nganti lakon kasebut rampung. Dadi plot
minangka rantaman kadadean kang dumadi ing panggung. Perangan plot kadhangkala
migunakake tipe sebab akibat kang
kaperang dadi 5 yaiku:
a.
Eksposisi, yaiku nalika nepungake lan mratelakake
andharan kang relevan, utawa menehi informasi ngenani prakara kang dialami
utawa konflik ing karakter-karakter
ing sajroning lakon.
b.
Aksi pendorong, yaiku nalika nepungake sumber
konflik ing antara karakter-karakter.
c.
Krisis, yaiku andharan kang luwih cetha saka
perjuangan karakter-karakter kanggo mrantasi konflik.
d.
Klimaks, yaiku proses identifikasi liwat tumindak
(perbuatan) kang bisa asipat ala
utawa argumentatif lan cara-cara liyane.
e.
Resolusi, yaiku proses manggonake maneh ing
swasana anyar. Bagian iki minangka kedadeyan pungkasan saka lakon lan
kadhangkala menehi wangsulan marang sakabehing prakara lan konflik kang dumadi.
3. Karakter
Kanggo milih karakter bisa migunakake
jeneng-jeneng saiki, tuladhane:
a. Nemtokake jeneng adhedhasar kahanan
fisik paraga, tuladhane Anto peang, John ireng, Jaka petruk, lan
sapanunggalane.
b. Nemtokake jeneng adhedhasar
pagaweyane, tuladhane Karto blantik, Parman wedhus, lan sapanunggalane.
c. Nemtokake jeneng adhedhasar
asal-usul dhaerah, tuladhane Hasim Bangka, Cici Tegal, lan sapanunggalane.
Aristoteles
ngandharake teori ngenani karakter protagonis, antagonis lan tritagonis. Garis
laku kang diandharake dening Aristoteles ing antarane:
1.
Protasis
Perangan wiwitan carita kang nduweni
sikep protagonis kang nduweni motivasi (keinginan) tinamtu. Tokoh protagonis
nduweni sipat sabar lan kebak pangapura. Tokoh antagonis nduweni sipat nesu, drengki,
lan dhendham. Tokoh tritagonis nduweni sipat nyengkuyung (ndhukung) anane
prakara, kaya ta tukang ngapusi, seneng mitenah, lan seneng nggoleki kaluputane
wong liya.
2.
Epitasia
Ing perangan tengah protagonis
ngadhepi tantangan, embuh kuwi saka kepenginane paraga liya, kahanan, utawa
saka alam. Prahara iki bisa dumadi amarga paraga protagonis lan antagonis
nduweni kapentingan kang padha. Parandene paraga tritagonis nambahi prahara
saya gedhe amarga sipate kang seneng mitenah lan seneng nggoleki kaluputane
wong liya.
3.
Catastasis
Ing perangan iki paraga protagonis lan
antagonis terus panas, wekasane teka ing puncak prakara kang kerep sinebut klimaks. Paraga protagonis kang sabar
lan kebak pangapura, tetep sabar sanajan oleh tekanan saka paraga antagonis kang seneng nesu lan pendhendham. Paraga antagonis ngetokake
sakabehing kanepsone marang paraga protagonis lan bisa uga nganti dipilara dan pambudidaya
kanggo mateni uga.
4.
Catastrophe
Perangan pungkasaning carita nasib
paraga-paraga iki dadi kanca ing antarane protagonis lan antagonis. Paraga
tritagonis uripe rekasa amarga pokale ora kasil. Ing pungkasaning carita iki
uga ana kang dipungkasi kanthi ngambang, kanthi tragedhi lan uga happy ending.
4. Setting
Ngenani setting utawa latar cerita
yaiku kapan lan ana ngendi prastawa kuwi kedadeyan. Analisis setting lakon iki
minangka pambudidaya kanggo mangsuli pitakonan apa kadadean kuwi ing njaba apa
ing njero ruang? Kadadeyane ing wektu esuk, awan apa sore? Manawa kedadeyan ing
njero ruang banjur ing ngendi panggonane? Jam pira kira-kira
kadadeyane?Tanggal, wulan lan taun pira kadadeyane? Pitakonan-pitakonan kang
kaya mangkono kuwi mau bakal bisa menehi gambaran kadadean lakon kang komplit
(David Groote, 1997).
a.
Latar panggonan
Latar panggonan yaiku panggonan kang
dadi latar prastawa lakon kuwi kadadeyan. Prastawa sajroning lakon kuwi
minangka prastawa fiktif kang kaanggit dening kang nulis lakon. Miturut
Aristoteles prastawa sajroning lakon kuwi minangka mimesis (tiruan) saka
uriping manungsa sadina-dinane.
b.
Latar wektu
Latar wektu yaiku wektu kang dadi
latar prastawa, adegan, lan babak kang kadadeyan.
c.
Latar prastawa
Latar prastawa yaiku prastawa kang
nglatari adegan kang kadadeyan lan bisa uga kang nglatari lakon kuwi kadadeyan.
Wujud Drama
Naskah
drama bisa dijupuk saka geguritan (pusi), cerkak, nyadur drama manca lan
ngripta drama dhewe. Supaya luwih cetha bakal kaandharake kaya ing ngisor iki:
1.
Dramatisasi geguritan (puisi)
Tegese gawe naskah drama saka bentuk
geguritan (puisi), tegese teks geguritan (puisi) kasebut diolah lan
dikembangake dadi wujud pementasan drama kanthi karakterisasi kaya drama kang
sanyatane.
2.
Dramatisasi cerkak
Dramatisasi cerkak minangka upaya
kreatif nyalini wujud narasi fiksi dadi teks drama satemah bisa dipagelarake.
3.
Menyadur (nyalini) naskah drama asing
Nyadur bisa uga diarani nerjemahake
dadi adaptasi teks kang nduweni latar budaya siji ing sajroning latar budaya
liyane, utawa mindhahake konteks latar kang siji marang konteks liyane, kanthi
sarat:
a.
Plot crita ora oleh owah
b.
Karakterisitik ing sakabehing teks ora oleh owah
c.
Latar budaya kang digunakake minangka latar crita kudu wutuh
satemah asil saduran mujudake satu
kesatuan crita kang becik lan ora amung ganti jeneng paraga lan latar
panggonane wae.
d.
Prakara-prakara kang ana ing sajroning teks asli kudu
nduweni sipat bisa ditampa ing konteks budaya kang diadaptasi.
4.
Ngripta drama dhewe
Ngripta drama dhewe pancen
diprayogakake ing sajroning pembelajaran nulis naskah drama. Amarga saliyane
kaprigelan nulis naskah drama bisa kaasah, uga bisa ngembangake imajinasi kang
minangka kanggo modal ing sajroning ngripta karya seni.
Langkah-langkah
gawe naskah drama, ing antarane:
1.
Nemtokake tema. Tema bisa saka pengalaman uripe wong liya
utawa pengalaman uripe dhewe kang nabet ing ati.
2.
Nemtokake kontemplasi. Tema kang wis oleh, banjur dihayati ing rasa pangrasa
3.
Wawan rembug (tanya jawab) karo wong liya. Golek
informasi sakomplit-komplite. Manawa perlu gawe cathetan-cathetan cilik asile
wawan rembug kasebut.
Ing
sajroning gawe naskah drama, kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki, ing
antarane:
a.
Anatomi drama
Naskah drama padatane diperang dadi
babak-babak. Babak yaiku perangan naskah drama kang ngrangkum sakabehing
prastawa kang kadadeyan ing panggonan lan urutan wektu tinamtu. Drama sak naskah
padatane kaperang dadi pirang-pirang babak, nanging ana uga kang amung sababak.
Drama kang amung ana sababak biasane diarani drama satu babak. Sababak padatane kaperang dadi pirang-pirang
adegan. Adegan yaiku perangan saka babak kang batese ditemtokake dening
owah-owahaning prastawa gegayutan karo teka lan lungane sak paraga utawa luwih
ing pentas.
1. Prolog
Perangan wiwitan saka naskah drama.
Prolog isine bisa siji utawa luwih katrangan, panemu pengarang bab crita kang
arep digelar.
2. Dialog
Perangan naskah drama kang awujud
pacelathon ing antarane paraga siji lan sijine. Perangan iki isine
jeneng-jeneng paraga lan pacelathone.
3. Pandom (Petunjuk
pengarang)
Pandom (Petunjuk pengarang) yaiku
perangan naskah drama kang menehi andharan marang kabeh paraga, tuladhane
sutradara, paraga, penata artistik ngenani kahanan, suasana, prastawa utawa
tingkah laku lan sipat paraga sajroning drama. Padatane pandom (petunjuk
pengarang) dipanggonake ing sajroning tandha kurung utawa dicithak miring.
4. Epilog
Epilog manggon ana ing pungkasan
naskah drama. Epilog padatane isine dudutan pengarang ngenani crita kang ngemu
pitutur utawa pesen.
b.
Wujud penyajian
naskah drama
Ing sajroning pangrembakaning
teknologi, penyajian naskah drama
kang diwujudake minangka media tontonan utawa media hiburan satemah ana
jinis-jinis drama kang ana ing televisi lan radio.
1.
Drama panggung
Drama
panggung yaiku drama kang digelar ing panggung. Naskah drama kudu digawe
sabecik-becike supaya migunani ing pangrembakane setting sabanjure.
2.
Drama radio
Drama
radio yaiku drama kang lumantar media radio. Drama iki mentingake dialog,
amarga amung bisa ngrungokake, ora bisa nonton gerak para paragane. Mula naskah
drama radio kudu kebak ilustrasi musik kanggo nyengkuyung setting lan gerak
paragane.
3.
Drama televisi
Drama
televisi yaiku drama kang mediane liwat televisi. Drama televisi kerep diarani
sinetron. Saiki akeh banget drama televisi. Nulis drama televisi meh padha karo
nulis naskah film layar lebar, amarga teknike padha. Naskah drama uga sinebut
skenario.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar