Jumat, 22 November 2013

UJI KOMPETENSI 3 BAHASA JAWA KELAS XII


Uji kompetensi 3
ARTIKEL LAN DRAMA


Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c,d utawa e tumrap wangsulan kang bener!
1.    Tulisan kang digarap dening redaksi nganggo tema tartamtu kang dadi isi penerbit diarani ...
a.    artikel resmi   d. artikel umum
b.    artikel lokal    e. artikel sponsor
c.    artikel
2.    Karangan/prosa kang dimomot ing media massa, kang mbahas isu tartamtu, perkara, utawa kasus sing ngrembaka ing masyarakat kanthi lugas Disebut ...
a.    kalawarti        d. pawarta
b.    maca sora     e. maca ekstensif
c.    artikel
3.    Prinsip dhasar ana ing kagiyatan nulis, yaiku …
a.    nemtokake irah-irahan          d. gawe daftar pitakonan
b.    nemtokake tema       e. gawe janji karo narasumber
c.    nemtokake sapa narasumbere
4.    Artikel kang mbahas utawa nepungake barang tartamtu, diarani artikel …
a.    artikel resmi   d. artikel umum
b.    artikel lokal    e. artikel sponsor
c.    artikel persuasive
5.    Perangan kang wigati ana ing artikel manggon ing ….
a.    pambuka                                          d. wasana basa
b.    isi / surasa                                        e. purwaka
c.    panutup
6.    Jinis-jinis artikel adhedasar kang nulis, yaiku …
a.    sponsor, berita           d. khusus, redaksi
b.    redaksi,umum           e. khusus, sponsor
c.    iklan, redaksi


7.    Langkah-langkah gawe artikel sing pisanan, yaiku...
a.    pola panggawe artikel           d. nemtokake masalah
b.    nguji gagasan            e. gawe panutup
c.    gawe masalah
8.    Jinising crita kang kajupuk saka crita kang nyata. Dene kang dicritakake uriping manungsa, yaiku...
a.    skenario         d. drama
b.    sesorah          e. tanggap wacana
c.    pawarta
9.    Ing ngisor kalebu unsur-unsur drama, kajaba...
a.    tema  d. plot/alur
b.    karakteristik   e. setting/latar
c.    skenario
10.  Drama kang nyritakake kasusahan utawa prihatin. Jinising iki akeh ditemoni ing sinetron utawa film seri televisi, kawentar kanthi sesebutan ...
a.    drama sejarah           d. drama komedi
b.    drama tragedi            e. drama misteri
c.    melodrama
11.  Nemtokake tema, nemtokake kontemplasi lan wawanrembug, iki kalebu langkah-langkah gawe …
a.    pidato d. drama
b.    wawancara    e. musyawarah
c.    naskah drama
12.  Ing sajroning ngrantam naskah drama, salah siji kang kudu digatekake yaiku:
a. gawe daftar pitakonan                         d. wawanrembug karo liyane
b. anatomi drama                                    e. gawe janji karo narasumber
c. nemtokake kostum
13.  Ing ngisor iki purwakanthi manut wujude, kajaba...
a.    purwakanthi basa      d. purwakanthi swara
b.    purwakanthi lumaksita          e. purwakanthi sastra
c.    purwakanthi salin swara


14.  Unen-unen kang runtut swarane (vokal), padatan manggon ana pungkasaning tembung, diarani purwakanthi …
a.    purwakanthi basa        d. purwakanthi swara
b.    purwakanthi lumaksita            e. purwakanthi sastra
c.    purwakanthi salin swara
15.  Iwak bandeng durung wayu, priya nggantheng sugih ilmu.
Unen-unen iku ngemu purwakanthi …..
a.    guru gatra        d. guru basa
b.    guru sastra      e. guru swara
c.    guru lumaksita
16.  Endi kang nuduhake purwakanthi guru basa ?
a.    Kudu sregep sinau, sing kepengin maju
b.    Kolik priya, priyagung, anjani putra
c.    Kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling
d.    Sekar gambuh ping catur. Kang cinatur polah kang kalantur
e.    Pitik walik jambul abang.
17.  Purwakanthi uga bisa diarani …
a.    personifikasi                                        d. superitas
b.    aliterasi                                                e. metafora
c.       delegasi
18.  Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi basa yaiku
a.    Gemi setiti ngati-ati
b.    Bungah susah iku lumrah
c.    Desa mawa cara negara mawa tata
d.    Tata titi Tatas titis
e.    Bayem arda, ardane ngrasuk busana
19.   Kang diarani purwakanthi swara yaiku…..
a.    unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan)
b.    unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho.
c.    unen-unen kang runtut swarane
d.    unen-unen kang beda swarane
e.    unen-unen kang runtut sastrane
20.  Kang diarani purwakanthi lumaksita yaiku…..
a.    unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan)
b.    unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho.
c.    unen-unen kang runtut swarane
d.    unen-unen kang beda swarane
e.    unen-unen kang runtut sastrane
21.  Alur sajroning sandiwara kawiwitan bebuka nganti purnaning crita, alur kang kaya mangkono diarani alur ....
a.   maju
b.   mundur
c.   campuran
d.   mundur maju
e.   maju mundur
22.  Adhedhasar etimologi (asal-usul wujuding tembung), tembung sandiwara, asal saka tembung sandi kang ateges rahasia lan warah kang ateges piwulang, saka basa ....
a.   Sanskerta
b.   Melayu
c.   Yunani
d.   Jawa
e.   India
23.  Menawa ana pasrawungan, aja seneng kumpul karo wong kang ala bebudene. Tegese padha karo....
a.   aja seneng ngebo
b.   aja numpak kebo
c.   aja padha nyedhak kebo
d.   aja seneng kebo bule
e.   aja cedhak kebo gupak
24.  Ing ingisor iki kang ora kalebu alur sandiwara yaiku ....
a.   persuasi
b.   eksposisi
c.   konflik
d.   komplikasi
e.   krisis
25.  Latar utawa setting nyakup aspek perangan ing ngisor iki kajaba ....
a.   ruang
b.   wektu
c.   gerak
d.   papan
e.   alur
26.  Miturut asal usule tembung, drama asale saka basa ....
a.    Jawa
b.   Sanskerta
c.   Yunani
d.   Romawi
e.   Inggris
Pethilan naskah sandiwara 
Kopral Jono lan Kopral Minto ora bisa mbantah prentahe komandan. Kalorone banjur mriksa layone kompeni.
Kopral Jono   : (mbunteti irung). Wis mati isih bisa ngentut.
Kopral Minto : (ngedohi layon). Apa iki? Awake dhewe wis dienggo dolanan. Nalika isih urip ngganggu, bareng mati malah gawe repot, trondholo kecut!
27.  Sing dimaksud kramagung yaiku ….
  1. Kopral Jono.
  2. Mbunteti irung
  3. Wis mati sih bisa ngentut
  4. Kalorone banjur mriksa layone kompeni.
  5. Kopral Jono lan Kopral Minto ora bisa mbantah prentahe komandan.
28.  Kang diarani wawancang yaiku ….
a.   Kopral Jono
b.   mbunteti irung
c.   Wis mati sih bisa ngentut
d.   Kalorone banjur mriksa layone kompeni.
e.   Kopral Jono lan Kopral Minto ora bisa mbantah prentahe komandan.
29.  Rancangan lumakune sandiwara sing awujud adegan-adegan sing tinulis kanthi rinci, lumrahe diarani…
a.       Skenario
b.      Babak
c.       Pandom
d.      Alur
e.       Latar
30.  Saben babak dumadi saka pirang-pirang…
a.    Skenario
b.    Babak
c.     adegan
d.    Alur
e.    Latar





1 komentar:

  1. Casino of the World 2020 - JamBase
    The Casino 동두천 출장마사지 of the 충청남도 출장마사지 World 2020 has been 광명 출장마사지 in operation since 2006. 순천 출장안마 It includes slots, live dealer games, live casino games, bingo and poker. 김해 출장샵 The

    BalasHapus