KAWRUH
MICARA

Dening:
AGUS
WIDODO
Hambuka Lampahing Tatacara
1.
(Ketawang Mijil
Wigaringtyas, Plg 6)
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Kawilujengan,
katentreman miwah karahayon awit sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah
SWT, mugi tansah hamemayungana ing madyaning sasana pahargyan ing wanci siyang/dalu
punika .....
Kula nuwun, para
pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu binektenan.....
Para tamu kakung
saha putri, para sinedhahan ingkang sinuba ing pakurmatan .......
Pinarengna kula sumela atur, saha paripaksa nggempil kamardikan anggen
panjenengan sedaya ndaweg sekeca imbal wawanpangandikan, labet kula ingkang
sinaraya minangka jejer pambiwara, keparengna kula mbiwarakaken menggah
lampahing tatacara pahargyan ing wanci dalu punika. Katitimangsa ing ari
pinilih, ............................................,
surya kaping ................................................. Bapa ..............................................
sekalian wus hanampi nugraha gung, netepi darmaning asepuh kepareng hangentas
pitulus atmaja pawestri, ingkang sesilih ; Rara ................................................., ingkang sampun
tinangsulan sah ing reh satataning agami ingkang rinasuk, jinatukrama
dening ....................................,
atmajanipun Bapa ..........................................
ingkang pidalem ing ................................. Kel ....................................
kec. ..............................., Kab.
..............................
Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing karahayon .... minangka
purwakaning atur, langkung rumiyin, sumangga nun, panjenengan sadaya kula
dherekaken ngaturaken pangalembana saha panuwun syukur konjuk ing ngarsa dalem
Allah SWT, karana agung rahmat sarta barokahipun ingkang sampun rumentah
dhumateng panjenengan sadaya lan kula, saengga ing wanci dalu punika saged makempal
manunggal ing sasana pahargyan kanthi wilujeng datanpa pambeng, niskala nir ing
sambekala.
Para Tamu kakung saha putri ingkang winengku ing suka basuki, binuka
lampahing tatacara nun inggih ngacarani miyosing penganten putri saking panti
busana, kakanthi lenggah ing sasana rinengga. .... tumuli katungka bidhaling
paraga kang kapiji mapag penganten kakung sapangombyong, lumarap ing sasana
pahargyan. Sasampunipun penganten kakung sapangarak samapta ing wiwaraning bale
winangun, tumuli katindakaken tatacara Pasrah panampi dening para tetuwangga ingkang
piniji. Purnaning tatacara pasrah panampi kalajengaken tatacara panggihing
penganten, ingkang lajeng siningeban sindur binoyong lenggah jajar sumandhing
ing sasana rinengga.
Sasampunipun
penganten sarimbit lenggah jajar sumandhing ing sasana kursi rinengga sarwi
tinenggan dening rama miwah ibu, tumuli kinayatan tatacara krobongan nuli
kalajengaken tatacara pangabekten utawi sungkeman. Saparipurnanipun tatacara pangabekten gya kalajengaken tatacara bubak
kawah/tumplak punjen (menawi wonten).
Para tamu ingkang winantu ing suka
hayu, minangka jangkeping suba sita
miwah tatakrami, ing mangke ingkang hamengku gati kepareng badhe manembrama,
ngaturaken pambagya yuwana saha panuwun hawit sampun kepareng rawuh panjenengan
sadaya.
Sasampunipun atur pambagya yuwana gya kalajengaken tatacara salajengipun
nun inggih kirab kanarendran. Saparipurnaning
penganten sekalian hangrasuk busananing satriya gya kinayatan kirab ingkang
angka kalih nenggih kirab kasatriyan.
Wondene minangka pratandha purnaning
gati, ing mangke sasampuna penganten sarimbit saha ingkang sami hamangun
bebesanan jumeneng ing wiwaraning bale winangun, saperlu nguntabaken jengkar
konduripun para tamu.
Makaten para tamu, sampun kula
aturaken urut reroncening tatacara pahargyan prasaja ing ratri kalenggahan
menika, mugi handadosna ing kawuningan. Salajengipun mugi wontena keparengipun
nglajengaken lelenggahan kanthi suka mardikaning raos, ngantos dumugi purnaning
gati. Mugi rahayu ingkang sami pinanggih, winantu ing suka rena..... nuwun.
Matur nuwun
2.
Para tamu ingkang
winengku ing suka hayu... sasmita
ingkang kula tampi bilih penganten putri anggenipun hangadi busana saha wulas
wadana sampun paripurna, tumuli daya-daya kakanthi saha kadherekaken lenggah
ing sasana kursi rinengga. Kanthi menika, katur dhumateng ibu
................................................. saha ibu ..................................,
kasuwun hanganthi penganten putri mijil saking panti busana, kadherekaken
lenggah ing kursi rinengga. Para tamu, miyosing temanten putri saking sasana
tepas wangi, kalamun cinandra kadya sekar ingkang mawa teja (ketawang sekar
teja).
Panyandra
Wus kapyarsa lamat-lamat hangrangin
ungeling Ktw sekarteja. Sung pakurmatan miyosing penganten putri nenggih dyah
ayu rara ............................................., jengkar saking panti
busana, daya-daya kadherekaken lenggah ing sasana krobongan winangun. Lon-lonan
nggennya lumampah kebak ing pangati-ati. Sarwi nut wiramaning gendhing, saha
tansah nengenaken mring subasita, jumbuh kalian rum kuncaraning bangsa ingkang
tansah hanggung mastuti dhateng endah luhuring budaya.
Cinucukan lampah
dening patah sakembaran, ingkang pinaragan dening angger ................... saha angger ........................... Nyata lare pawestri ingkang maksih
timur, sinasaban busana edi peni, sayekti hamimbuhi semuwaning pahargyan.
Kakanthi dening
ibu ....................................., nenggih sekaring pahargyan,
heninging cipta hamung nyenyadhang sih wilasaning gusti kang akarya loka, mugya
hanurunaken wahyuning palakrama sajuga, dhumateng ingkang ndaweg kapahargya,
satemah ambabar kayuwanan niskala datanpa rubeda.
Katingal laju
nggennya lumampah tumuju ing krobongan winangun, daya-daya kaaturan lenggah ing
papan piniji, hangrantu babaring gati, sedya kang kaesthi......
3.
v Para tamu kakung saha
putri ingkang winengku ing kawilujengan, kawistara bilih penganten putri sampun
lenggah anggana raras ing sasana kursi rinengga, tumuli hangacarani bidhaling ingkang
sinaraya mapag penganten kakung dhateng sasana pangrantu. Kanthi menika
dhumateng Bapa ............................saha Bapa .............................
keparenga enggal samapta ing dhiri sawega ing gati, nuli nindakaken jejibahan
rumagang ing karya. Para tamu , bidhaling kang piniji mapag penganten kakung
kinurmatan ungeling ladrang Raja Manggala. Sumangga !
v Pasrah-panampi
Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing pakurmatan,
Sasmita utawi tengara ingkang kula tampi, bilih penganten kakung
sapangombyong sampun samapta daya-daya lumarap manjing dhateng sasana
pahargyan, tumuli badhe katindakaken tatacara pasrah saha panampi. Kanthi menika,
katur dhumateng ingkang winantu ing pakurmatan
bapa ..................... ,
ingkang piniji hanampi sowanipun penganten kakung kanthi kaapit-apit dening
bapa ..............................
saha bapa ............................ Kasuwun samapta siyaga ing papan piniji
sacaketing panyora swara. Mboten katalumpen ugi dhumateng ingkang hamengku gati : nenggih Bapa ................................
sekalian kasuwun samapta jumeneng wonten papan piniji. Para tamu lumaraping
penganten kakung sapangarak, nyuwun pandonga mugi tansah wilujeng (ladrang
wilujeng) lampahipun.
Para tamu kakung saha putri. Kawistara pangarsaning lampah nenggih Bapa ....................................
sampun samapta ing sacaketing panyora swara, tumuli hamedhar pangandika,
masrahaken penganten kakung. Ing wasana wekdal saha panggenan kula aturaken
sumangga!
- Nun inggih paripurna atur pasrah temanten
kakung saking bapa ................................ gya
tinampi dening bapa ........................................ minangka
talanging basa saking bapa ...................................
Ing wasana wekdal kula aturaken . nuwun
- Paripurna pasrah panampining temanten
kakung dening para ingkang piniji
kanthi lulus raharja nir ing sambekala.
4.
Para tamu kakung
saha putri ingkang winengku ing kawilujengan. Saparipurnaning tacacara pasrah
panampi, penganten sapangombyong samapta daya-daya manjing sasana pahargyan,
tumuli badhe katindakaken tatacara panggihing temanten.
Kanthi menika
dhumateng para paraga ingkang kula sebataken, kasuwun samapta ing karya.
- Ingkang kasuwun hanganthi penganten
putri nenggih ibu ...........................................
- Ingkang hanganthi penganten kakung
bapa ........................ saha bapa ........................
- Ingkang kasuwun nyamektaaken ubarampe
panggihing temanten ibu........................
- Wondene tatacara panggihing penganten
badhe kapratitisaken dening
ibu ............................................
Sagung para tamu
ingkang winantu ing bagya mulya, keparenga panjenengan sadaya paring panjurung
donga pamuji, murih rancag wilujeng tumapaking tatacara panggihing penganten.
Para tamu,
dhauping penganten, kabiwadha embaning gangsa kodhok ngorek.................
sumangga.
RUMPAKA
Mugi hanyembuha
tatacara dhauping penganten sajodho ing siyang puniki. Wimbuh kasembuh
pangestunipun para sepuh miwa sagung pra tamu ingkang sampun kepareng rawuh.
mugyantuk berkah rohmating Allahkang maha mirah mring sagung tumitah.
Kakanthi tumuju
papan piniji, nenggih penganten sarimbit, nulya sami apagut tingal, tempuking
pandulu catur netra, satemah hambabar daya pangaribawa.
Sakala kumlawe
ponang asta, sami bebalangan gantal kang sinebat gondhang kasih sarta gondhang
tutur. Winastan gantalan mengku werdi dhumawahing sangat ingkang namung sak
keclapan, tan bisa wola-wali, awit inggih titimangsa mbalangaken gantal menika
wigatos ingkang sinebat ”panggih”. Gantalan dumados saking ron suruh ingkang
lininting, tinangsulan lawe wenang, hamilih sedhah ingkang pethuk temu rosipun,
mingka pasemon manunggaling jalu kalawan wanita kakng wus gambuh cipta, rasa
miwah karsane, lironsih sarwi mad sinamadan ing tutur kanthi tinangsulan ing
reh hanggering palakrami.
Kawistingal
penganten priya hamidak tigan, tinindhihan dlamakan. Pecahing tigan sakala
wonten rerupen abrit lan pethak ingkang sampun nyawiji, satunggaling pasemon
manunggaling priya lan wanita, menggah beblesing pangesthi mugi dadosa wiji
dadi, satemah sageda enggal hangemong turun.
Lulus raharja
dhauping penganten, tumuli binoyong tumuju ing krobongan winangun risang penganten
sarimbit. Gya siningeban slindur dening Ibu .......................... , minangka pasemon manunggaling kang
hapalakrama, wus gambuh cipta rasa miwah karsa, golong gilig saiyeg saeka
praya, nggennya arsa mangun bale wisma mugya tansah hantuka lumintuning barokah
saking Gusti kang murbeng bawana.
Lumampah tutwuri
handayani nenggih Bapa ......................................., nyata sudarma
kang wus bangkit sembada hangemban darmaning wredha, wus lila legawa putra
kinasih kahemong ing priya. Heninging cipta hamung muhung lumintuning barokah
saking pangeran ingkang murbeng titah, mugya penganten sarimbit saged mujudaken
kulawarga ingkang sakinah, mawadah warohmah, saha enggal kaparingan amanah
arupi putra ingkang sholeh saha sholikhah, minangka tetangsul langgeng trah
tumerah ingkang saged anyambung sujarah.
Wus dumugi
krobongan winangun, penganten sarimbit kaaturan lenggah jajar sumandhing,
hangrantu lumadining tatacara ingkang sampun rinakit.
5.
Krobongan
Para Tamu kakung saha putri ingkang winantu ing suka basuki, ngancik
tatacara salajengipun nun inggih tatacara krobongan ingkang samangke badhe kalajengaken
tatacara bubak kawah/tumplak punjen.
6.
Bubak Kawah/tumplak
punjen.
Para tamu ingkang
sinuba ing pakurmatan, tatacara salajengipun nun inggih bubak kawah/tumplak
punjen. Dhumateng para paraga ingkang sampun piniji kasuwun nyamektaaken
uborampenipun. Sasampunipun ubo rampe cumawis Katur .......................................
saha ....................................
keparenga mratitisaken.
TATACARA BUBAK KAWAH
Bismillahirrahmanirrahim.
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Amastuti wasita aji
ujaring para winasis, dupi wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing nugraha
saking Gusti ingkang Maha Asih. Mangkana ta wau ingkang hamengku karsa nenggih
Bapa ...............................................
sekalian, sigra jumangkah hanetepi darmaning agesang, wigati hamberat
sakathahing durgama, jer katemben utawi kapisan anggenira gadhah damel mantu,
kanthi sarana hambubak kawah ........
Kacarita duk kalaning bapa
................... murweng resmi
ing garwa, amarengi tumuruning wahyu jati sih nugrahaning hyang agung. kama
awarna seta manunggal kang awarna wrekta, nulya ibu Mursi kaparengaken
hanggarbini.
Antuk sacandra denira
hanggarbini, ponang dzat mulya ngambah alam ekakamandanu, dwi candra dumugi
alam dwi panunggal, tri candra ing alam trilokamaya, ugi winastan alam ondar-andir nggih alam gondar-gandir. Liripun.. alam
ingkang keliwat gawat, sarta tansah haminta sakehing rĂȘna .... utawi kaprah
winastan nyidham.
Tulus lestari gya ngambah
alam catur hanggajati, wulagang neng
guwa garba, kadayan dinayaning sarining gana saking Gusti ingkang maha kawasa,
dalah tumuruning suksma hanenggih roh suci
Ngancik panca candra
inggih ing alam loka panca yitna jati. Ateges sampun pinaringan sipat jangkep
munggwing sadhaka jati.
Dumugi sad candra utawi
alam Sad Loka Jati lan ngancik
wonten pitung candra,ingkang winastan sapta kawasa jati, inggih alaming ponang
jabang bayi ingkang sampun ginadhuhan panca ndriya. Mila kalamun mesat saking
guwa garbaning ibu, sampun bangkit waluya jati, jati temahing waluya.
Kocapa, ing kalanira
dereng tumelung wahyu tumulung, pramila ponang jabang bayi aneras nggenira yoga
brata, sadhakep saluku tunggal, ngeningaken pancadriya, papat binerat, sajuga
sinidikara nut laksitaning bratajaya, nenggih bajra herawana. Tinampi
samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling, sasmita wasitaning kang kwaseng
gesang.
Wudhar denira samadi, ring
loka hastajati, amarengi kalaning
hasta candra winahya. Nawa candra wus kamarga, andungkap dasa arine, saking
loka nawa purnajati sumuling suwung
wiyose, myak langse gendhala giri, saking guwa garba mesat prapteng alam
padhang loka pana, acecala sabda nulya .... cenger brol lairing ponang jabang
bayi.
Wijilira sinarengan kadang
catur, sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margina; kakang kawah, rah
muka miwah adhi ari-ari.
Kacarita, jabang bayi ambabar pawestri, wanci sapeken kaparenging rama-ibu
tinengeran Rara lanjar setyarini.
Enggaling kang winursita,
wit wekel taliti tlaten anggenira nglelithing anggulawenthah sarta
pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, kaprigelan, kagunan miwah
kasusilan, putra pawestri nenggih Rara ..................................,
wulagang dadya kenya diwasa, seger saras jiwa raga, susila, prasaja, wasis
trampil sinembuh sulistyaning warni .... tur ugi sampun pinter ngupa boga
ing ....................., sinaoso tebih
paranipun namung ugi ageng gajinipun .....
Amarengi ari piniji surya
pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah ayu sembada jinatukrama
dening sang satriya sumbaga wiratama, priya geganthilaning nala, ingkang peparab
bagus ........................................., atmaja kakung ..........................................
Mangkana ta wau, telas
paripurna prastawa wigati, badhe penganten putri sinaratan bubak kawah, ingkang
esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas saru siku, anyenyadhang nugraha,
raharja bagya mulya.
Kasigeg panindaking tatacara bubak kawah, kirang jangkeping atur, kaladuk
dalasan cicir cewet pangroncening tembung, ukara miwah basa, namung tumadhah
tumetesing pangaksama. Nuwun
TUMPLAK PUNJEN
ASMARADANA
Binarung kidung ngrenggani,
Asmaradana sekarnya
Sung sasmita pilenggahe
Lumadining tatacara
Tumplak punjen wastanya
Pitutur luhur pra sepuh
Ingkang tumrap putra wayah
Para putra katingal sampun sowan ngabyantara
wonten ngarsanipun Bapa ............................ Sekalian, tumuli putra
pemabyun nenggih ............................................. kepareng badhe
matur wonten ngarsanipun rama saha ibu. Menggah wijiling pangandika mekaten:
Putra : Kula nuwun Rama
dalasan ibu, kula sakadang sami sowan
nuhoni dhawuh timbalanipun Rama tuwin ibu sekalian. Anamung saderengipun kula
sedaya nampi dhawuh ingkang wigatos, kula makili sedaya para kadang lan para
wayah, sakalngkung rumiyin ngaturaken sungkem mugi katur ngarsa panjenengan,
pinangka wujudipunbekti kula sedaya dhumateng Rama dalasan Ibu. Salajengipun
kula sedaya ngaturaken agenging panuwun, dene Rama dalasan Ibu sampun kepareng
nggulawenthah dhumateng kula sedaya, wiwit alit ngantos dumugining diwasa,
kanthi kebak tresna asih, adil lan wicaksana. Namung emanipun, kula sedaya
dereng saged ngaturi piwales ingkang satraju kalayan kasaenanipun Rama dalah
Ibu, kepara nambah karepotanipun Rama lan
Ibu. Kanthi menika, kula sakadang dalasan para wayah nyuwun diagung ing
pangaksama.
*Mekaten menggah
aturipun ..................................
Dupi midhanget
aturipun ingkang putra, kadya sinendhal mayang jroning nggalih nenggih bapa
................................................ gya umijil aris pangandikanira
hananggapi aturipun ingkang putra.
Rama : “Oh .............Hiya....!
Hiya......! Ngger Anak-anak lan putu-putuku kabeh gawe bombong lan bungahing
atiku lan Ibumu. Ngene ......Ya Nggger!
Ndadekna kawruhmu, satemene suwargane wong tuwa iku ora dumunung marang paweweh
lan piwales kang wujud bandha donya lan raja brana. Suwargane wong tuwa iku
manawa nyawang anak putune padha rukun, padha tentrem, bagya mulya, seger
kewarasan, lan urip padha ora nerak angger-anggering agama, nagara lan budaya.
Urip tansah nandukake budi welas asih lan ngurmati marang sapepadhane ngaurip,
jumbuh kalawan pituduh kang kapacak ana sajroning kitab suci Al Qur’an. Kowe
kabeh dadiya wong kang sholeh lan wong sing taqwa
“Ngger anak-anak lan
putu-putuku kabeh, mangertiya manawa bapak lan ibumu saya suwe tambah tuwa.
Kaya-kaya wis ora mbutuhake maneh bandha donya. Mula saka iku apa kang
dadi duweke wong tuwamu bakal dak
paringake sira kabeh. Mung wae piwelingku! Sira kabeh aja padha padudon lan aja
rebutan. sepira wae lan apa wae kang bakal dak wenehke tampanan kanthi
panarimaning atimu. Kanthi mangkono bisa andayani tumrap uripmu kabeh.
“Mangkono dhawuhku
marang anak putuku, poma-poma lali den elinga. Rahayu..... rahayu . Muga-muga
anak-anak putuku padha nemu kabagyan, kamulyan, katentreman lan kawilujengan ndonya nganti tumekeng
akhir.
POCUNG
Pan wus
jumbuh, sedaya ingkang pinupuh, gancaran carita, tumplak punjen kang lumadi,
bagya mulya , suka rena bale wisma.
7.
Para tamu sinedhahan ingkang winengku ing karahayon. Mekaten kalawau
menggah tata upacara adat widi widana bubak kawah/tumplak punjen sampun
kalampahan kanthi rahayu wilujeng nir ing sambekala.
Ngancik tatacara salajengipun. Keparenging sedya
bapa .................................... badhe manembrama hangaturaken raos
suka, ebahing manah bingah nenggih ngaturaken pambagya yuwana dhumateng para
tamu sinedhahan ingkang sampun kepareng rawuh. Inggih karana bombong birawaning
manah, anggenipun badhe matur namung kandheg wonten samadyaning jangga, mboten
kawiyos wijiling lesan. Sintenta ingkang minangka talanging basa atur pambagya,
tan nolyan bapa lurah minangka tetuwangganing para kawula dasih ing kelurahan
banmati nun inggih Bapa .................................... wondene ingkang
kepareng hanjajari nun inggih bapa .................................
saha Bapa ........................ Mbok bilih sampun samekta ing gati, mrih
rahayuning sedya kasumanggakaken. Nuwun.
Para tamu ingkang winantu ing suka hayu, paripurna
atur pambagyayuwana saking bapa ...........................................
ingkang tinalang basa dening bapa ...........................
kanthi ruruh hangarah prana, titi tata titis, wijang wijiliung pangandika
saengga boten wonten ingkang karempit.
Para tamu sinedhahan ingkang winantu ing
pakurmatan, keparenging sedya temanten sarimbit badhe jengkar marak sowan
wonten ngarsa panjenengan winasta kirab kanarendran, badhe manjing sasana
busana arsa ngrucat busana kanarendran hangrasuk busana kasatriyan.
Kados-kados para paraga ingkang badhe njengkaraken
temanten sekalian sampun samekta ing dhiri sawega ing gati. Jengkaring sang
subamanggala kalamun cinandra kawistara pyak
ngarsa tangkeping wuri.
PANYANDRA SUBAMANGGALA
Padhang hanarawang,
sumilak piyak katon hangilak-ilak marga agung kang tumuju dhumatengsasana
rinengga. Ana sesotya coplok saking ngembanan, lumampah mbakukuh yayah
prayitneng kewuh, lah punika ta warnanira ingkang ndaweg hanawung kridha,
angayahi gati kinarya subamanggala ya manggala suba. Mangkana wus kekalung
pusptita rinonce, mila sigra madeg esthining driya, lenging cipta arsa amboyong
sang pindha narendra tedhak mring panti busana.
Sinten ta asmane priya
jatmika kang kepareng nyangkul jejibahan agung punika, sayekti tan sanes
panjenenganipun adhimas __________________________________.
Dhasar pideksa sarwa sembada, maksih mudha tumaruna wimbuh ambeg susila
anoraga, prasaja busanane, prasaja uripe, luhur bebudene, tandang tanduke
ngresepake, grapyak semanak tur nggih mboten cluthak. Menawi katitik saking
solah bawa, liringing netra ebahing sarira, ukeling asta tumapaking pada ngidak
wirama, kapracihna bilih sang subamanggala satuhu lebda ing budaya.
Tindakira kadherekaken satriya kembar, kembar baguse kembar busanane lah
punika ta warnanira talangpati, manggalayuda ya pratiwa manggalasuba.
Sumambung ing wuri,
barisane para kenya srikandhining praja nuswantara. Angagem busana sarwa edi,
solah bawane merak ati, eseme ndudut ati, kedheping netra angrerujit manah.
Lumampah kalih-kalih salajur sisih, gandhes luwes wiragane , susila patrape,
hangujiwat eseme, pindha angawe-awe para kang ana sandhinge.
Laju lampahe risang
subamanggala, samangke sampun prapta unggyan ingkang tinuju, mila lajeng suka
sasmita mring sekaring pawiwahan, gya jengkar saking palenggahan, manjing
pepengkeran. ..................
8. ndungkap
unggyan ingkang tinuju, lampahe sang subamanggala arsa anjengkaraken risang
penganten sarimbit. Wondene jengkaring risang penganten kalamun cinandra pindha
narendra ingkang tedhak cangkrama.
PANYANDRA KIRAB KANARENDRAN
Regu-regeng hamerbawa,
risang temanten sarimbit tedhak saking palenggahan, pinapag sang suba manggala
arsa jengkar tilar sasana pawiwahan, kinirapaken ngulati wahyuning jodho.
Tedhak jleg ngampil amparan rukmi, ginarubyug para rumaja putri saemba putri
dhomas, horeg kang samya hanjenengi, prasasat kadi narendra siniwaka satuhu.
Sinten ta ing ngarsa sung
tuladha ingkang minangka senopatining lampah, lah punika ta warnane sang suba
manggala. Dhasar tatag-tangguh tanggon prapteng ngendon, datan mingkuh
salwiring kewuh. Hanggung kendel tindak sapecak mangu sapecak tumoleh, muhung
nuhoni jejibahanipun, supadya risang temanten ingkang katemben winisudha mboten
kasandhunging rata, kabentusing tawang towang.
Sumambung ing wuntat
lampahe manggalayuda sakembaran. Wondene sawurinipun ana wanodya alit
sakembaran ingkang ketingal sumunar tejane, lamun katingal saking mandrawa,
glewo-glewo kadya golek kencana kang bisa tata jalma.
Sinigeg gantya kang
cinarita, sinten ta ingkang mangun karsa, kang busana lir raja kabiwadha, lah
punika ta risang mustikaning karya sang temanten kekalih nenggih bagus .....................................
kalian Rara ............................................, lumampah kekanthen
asta, keket raket renggang gula kemepyur pulut. Kekalihnya sajak lingsem
nanging suka, hanggung reremetan asta, nggraita yen sedaya tamu mboten wonten
ingkang pirsa, kajawi pangendhaliwara. Dhasar wus dangu denira hanganti
tumapaking pahargyan, marma sekedhap-sekedhap angunjal huswa hanggeget lathi, karana tansah kadriya kang ginupit
mangke ing tilam sari.
Lampahira sang pindha raja
ginarubyuk para remaja putri esthining lir putri dhomas. Dhasar sadaya sami
sulistyeng warni, gandhes luwes merak ati. Ing pangajab benjang lamun diwasa
sageda dadaos wanita utami. Wondene kang kaajab namung saiji, mugi-mugi
mbenjang winengku satriya sejati, yen ora kaya sing MC trima prei.
Ingkang kepareng tut wuri
handayani lah menika ta ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Hanguningani
sanggyaning para tamu ingkang samya amarwata suka, rumaos bombong berawaning
penggalih prasasat sewu bagya dadya sajuga.
9. HIBURAN
Tuladha Aturipun Panatacara
Wonten Ing Salebetipun Swasana Mirunggan
Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana, laksitaning tata adicara
ingkang sampun rinakit dening kulawarga kados sampun kaleksanakaken kanthi
pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Namung panyuwunipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) panjenenganipun para tamu kakung putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati, kula aturaken ing mriki mbok bilih pratandha paripurnaning gati ing kalenggahan punika menawi temanten kekalih miwah rama ibu sampun kawistara jumeneng wonten sangajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, nuwun, matur nuwun.

10. KIRAB KASATRIYAN.
Para tamu ingkang winantu ing suka
hayu, kawistara putra temanten sampun paripurna anggenipun hangrasuk busana
kasatriyan. Wondene keparenging sedya, badhe marak sowan ngabyantara malih,
saperlu nyenyadhang pudyastawa mrih widadaning bebrayan. Kirabing putra
temanten hangrasuk busana kasatriyan kabiwadha ungeling ketawang subakastawa
lrs sl pt. 9. sumangga nuwun.
PANYANDRA KIRAB KASATRIYAN
Padha papan ganti
caritane.
Sri temanten wus paripurna anggenipun salin busana, ingkang sekawit busana
kanarendran, samangke hangagem busana kasatriyan.
Lampahira sri temanten sarimbit ketingal ayem tentrem mboten was sumelang
ing wardaya, labet sampun wonten sang suba manggala ingkang sagah hangentasi
karya, mbrastha sakehing rubeda nyingkiraken sakehing memala.
Sinigeg gantya kang
cinarita, nalika semanten tindakira temanten sekalian ginarubyug para putri
ingkang pindha dhomas. Wonten ingkang ayu, wonten ingkang manis, kathah ingkang
luwes.
Ana saweneh kenya kang katingal
sakedhap-sakedhap sukune mung tansah diangkat, sajak ora kuwat. Kapyarsa
lamat-lamat sesambat ana ngarsaning gusti kang akarya jagad. Adhuh tobat-tobat,
tak rewangi tirakat nganti mripatku ora kuwat. Gek mbesuk kapan aku diwengku wong
pangkat, sing rawuh akehe ora mekakat, lamarane BMW papat, ora tau ditinggal
ming........nggon.
Ana saweneh ingkang
ngujiwat eseme, gandhes luwes wiragane, yen ngguyu dhekik pipine, ngembang
bakung rikmane, mblarak sempal lembehane. Kapyarsa lamat-lamat sesambate, adhuh
lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerke kaya mantene, sing rawuh hanjenengi semene
akehe, bregas kabeh among tamune, cukat trengginas panitiane, pambiwarane
tanggane dhewe.
Wondene ingkang minangka
pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang hamengku karya sarimbit garwa.
Jroning cipta tansah meminta nugrahaning gusti kang maha kawasa, mugi putra
temanten anggenira lelumban ing alaming bebrayan tansah manggih bagya mulya
ingkang sinedya rahayu ingkang tinuju.
Lulus raharja kalis
pringgabayaning marga, samangke risang temanten wus lenggah ing dhampar
rinengga, lenggah hamarikelu hangrantu laksitaning adicara salajengipun.
11. Bedhol temanten
Para tamu kakung
saha putri, wiwitan tengahan ngantos pungkasanipun, katiti lampahing tatacara
pawiwahan ing siyang punika sampun kaleksanan kanthi rancag prayogi, dumugi
titiwanci purnaning gati.
Minagka pratandha
purnaning pawiwahan, katur dhumateng bapa .......................................
sekalian garwa, keparenga hangaturi penganten sarimbit saha ingkang sami
hamemangun bebesanan jengkar saking palenggahan tumuju ing sangajenging kori
wisma pawiwahan, saperlu hangurmati saha hanguntapaken konduripun para tamu.
Wondene jengkaring sri atmaja temanten sarimbit kawistara saking mandrawa tansah
galeyongan lampahe.
Panutup
Minangka panutuping atur, kula minangka jejer
pambiwara nglenggana, tartamtu kathah cicir cĂšwĂšt miwah lacuting atur menapa dene kithaling basa,
karana cupeting sastra meranging trapsila kabekta saking kothonging seserepan,
ingkang satemah mboten handamel rena miwah sarjuning penggalih, mawantu-wantu
kula tumadhah lumebering pangaksama....
Ing wasana
wilujeng siang saha konduripun ndherekaken wilujeng, mugi tansah winengku ing
kawilujengan ing samargi-margi, ngantos dumugi dalemipun sowang-sowang.......
akhirul kalam :
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Matur Nuwun
Pesanggrahan Badranaya
Sukoharjo, Juni 2012
Agus Widodo, S.S.
PANYANDRA
SUBAMANGGALA
Padhang
hanarawang, sumilak piyak katon hangilak-ilak marga agung kang tumuju
dhumatengsasana rinengga. Ana sesotya coplok saking ngembanan, lumampah
mbakukuh yayah prayitneng kewuh, lah punika ta warnanira ingkang
ndaweghananwung kridha, angayahi gati kinarya subamanggala ya manggala suba. Mangkana
wus kekalung pusptita rinonce, mila sigra madeg esthjining driya, lenging cipta
arsa amboyong sang pindha narendra tedhak mring panti busana.
Sinten ta asmane priya jatmika kang
kepareng nyangkul jejibahan agung punika, sayekti tan sanes panjenenganipun
adhimas __________________________________.
Dhasar pideksa sarwa sembada, maksih mudha tumaruna wimbuh ambeg susila
anoraga, prasaja busanane, prasaja uripe, luhur bebudene, luhur bebudene, tandang
tanduke ngresepake, grapyak semanak tur nggih mboten cluthak. Menawi katitik
saking solah bawa, liringing netra ebahing sarira, ukeling asta tumapaking pada
ngidak wirama, kapracihna bilih sang subamanggala satuhu lebda ing budaya.
Tindakira kadherekaken satriya kembar, kembar baguse kembar busanane lah
punika ta warnanira talangpati, manggalayuda ya pratiwa manggalasuba.
Sumambung ing wuri,
barisane para kenya srikandhining praja nuswantara. Angagem busana sarwa edi,
solah bawane merak ati, eseme ndudut ati, kedheping netra angrerujit manah.
Lumampah kalih-kalih salajur sisih, gandhes luwes wiragane , susila patrape,
hangujiwat eseme, pindha angawe-awe para kang ana sandhinge.
Laju lampahe risang
subamanggala, samangke sampun prapta unggyan ingkang tinuju, mila lajeng suka
sasmita mring sekaring pawiwahan, gya jengkar saking palenggahan, manjing
pepengkeran. ..................
PANYANDRA KIRAB KANARENDRAN
Regu-regeng hamerbawa,
risang temanten sarimbit tedhak saking palenggahan, pinapag sang suba manggala
arsa jengkar tilar sasana pawiwahan, kinirapaken ngulati wahyuning jodho.
Tedhak jleg ngampil amparan rukmi, ginarubyug para rumaja putri saemba putri
dhomas, horeg kang samya hanjenengi, prasasat kadi narendra siniwaka satuhu.
Sinten ta ing ngarsa sung
tuladha ingknag minangka senopatining lampah, lah punika ta warnane sang suba
manggala. Dhasar tatag-tangguh tanggon prapteng ngendon, datan mingkuh
salwiring kewuh. Hanggung kendel tindak sapecak mangu sapecak tumoleh, muhung
nuhoni jejibahanipun, supadya risang temanten ingkang katemben winisudha mboten
kasandhunging rata, kabentusing tawang towang.
Sumambung ing wuntat
lampahe manggalayuda sakembaran. Wondene sawurinipun ana wanodya alit
sakembaran ingkang ketingal sumunar tejane, lamun katingal saking mandrawa,
glewo-glewo kadya golek kencana kang bisa tata jalma.
Sinigeg fantya kang
cinarita, sinten ta ingkang mangun karsa, kang busana lir raja kabiwadha, lah
punika ta risnag mustikaning karya sang temanten kekalih nenggih bagus Lilik
Kuncoro kalian Rara Endah Yuliati, lumampah kekanthen asta, keket raket
renggang gula kemepyur pulut. Kekalihnya sajak lingsem nanging suka, hanggung
reremetan asta, nggraita yen sedaya tamu mboten wonten ingkang pirsa, kajawi
pangendhaliwara. Dhasar wus dangu denira hanganti tumapaking pahargyan, marma
sekedhap-sekedhap angunjal huswa hanggeget
lathi, karan atansah kadriya kang ginupit mangke ing tilam sari.
Lampahira sang pindha raja
ginarubyuk para remaja putri esthining lir putri dhomas. Dhasar sadaya sami
sulistyeng warni, gandhes luwes merak ati. Ing pangajab benjang lamun diawsa
sageda dadaos wanita utami. Wondene kang kaajab namung saiji, mugi-mugi
mbenjang winengku satriya sejati, yen ora kaya guru sma siji trima prei.
Ingkang kepareng tut wuri
handayani lah menika ta ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Hanungani
sanggyaning para tamu ingkang samya amarwata suka, rumaos bombong berawaning
penggalih prasasat sewu bagya dadya sajuga.
PANYANDRA KIRAB KASATRIYAN
Padha papan ganti
caritane.
Sri temanten wus paripurna anggenipun salin busana, ingkang sekawit busana
kanarendran, samangke hangagem busana kasatriyan.
Lampahira sri temanten sarimbit ketingal ayem tentrem mboten was sumelang
ing wardaya, labet sampun wonten sang suba manggala ingkang sagah hangentasi
karya, mbrastha sakehing rubeda nyingkiraken sakehing memala.
Sinigeg gantya kang
cinarita, nalika semanten tindakira temanten sekalian ginarubyug para putri
ingkang pindha dhomas. Wonten ingkang ayu, wonten ingkang manis, kathah ingkang
luwes.
Ana saweneh kenya kang
katingal sakedhap-sakedhap sukun emung transha diangkat, sajak ora kuwat.
Kapyarsa lamat-lamat sesambat ana ngarsaning gusti kang akarya jagad. Adhuh
tobat-tobat, tak rewangi tirakat nganti mripatku ora kuwat. Gek mbseuk kapan
aku diwengku wong pangkat, sing rawuh akehe ora mekakat, , lamarane BMW papat,
ora tau ditinggal ming....nggon.
Ana saweneh ingkang
ngujiwat eseme, gandhes luwes wiragane, yen ngguyu dhekik pipine, ngembang
bakung rikmane, mblarak sempal lembehane. Kapyarsa lamat-lamat sesambate, adhuh
lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerke kaya mantene, sing rawuh hanjenengi semene
akehe, bregas kabeh among tamune, cukta trengginas panitiane, pambiwarane
tanggane dhewe.
Wondene ingkang minangka
pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang hamengku karya sarimbit garwa.
Jroning cipta tansah meminta nugrahaning gusti kang maha kawasa, mugi putra
temanten anggenira lelumban ing alaming bebrayan tansha manggih bagya mulya
ingkang sinedya rahayu ingkang tinuju.
Lulus raharja kalis
pringgabayaning marga, samangke risang temanten wus lenggah ing dhampar
rinengga, lenggah hamarikelu hangrantu laksitaning adicara salajengipun.
GENDHING UPACARA PAHARGYAN/RESEPSI
Kemis Paing, 3 Mei 2012
Kemasan RT. 01/08 BANMATI, SUKOHARJO
Pambuka :
Wigaringtyas/Santi Mulya
manten putri
mlebet : Ktw. Sekarteja
Manten kakung
mlebet : Wilujeng
Panggih : Kodhok
ngorek, ktw larasmaya
subamanggala
mlebet : ayak-ayak
Kirab 1 : Sri
Narendra
Kirab 2 :
Subakastawa
Subamanggala
wangsul :
Bedhol manten : Gleyong
GENDHING UPACARA PAHARGYAN/RESEPSI
Kemis Paing, 3 Mei 2012
Kemasan RT. 01/08 BANMATI, SUKOHARJO
Pambuka :
Wigaringtyas/Santi Mulya
manten putri
mlebet : Ktw. Sekarteja
Manten kakung
mlebet : Wilujeng
Panggih : Kodhok
ngorek, ktw larasmaya
subamanggala
mlebet : ayak-ayak
Kirab 1 : Sri Narendra
Kirab 2 :
Subakastawa
Subamanggala
wangsul :
Bedhol manten : Gleyong
TATACARA BUBAK KAWAH
Bismillahirrahmanirrahim.
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Amastuti wasita aji
ujaring para winasis, dupi wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing nugraha
saking Gusti ingkang Maha Asih. Mangkana ta wau ingkang hamengku karsa nenggih
Bapa ...............................................
sekalian, sigra jumangkah hanetepi darmaning agesang, wigati hamberat
sakathahing durgama, jer katemben utawi kapisan anggenira gadhah damel mantu,
kanthi sarana hambubak kawah ........
Kacarita duk kalaning bapa
................. murweng resmi ing
garwa, amarengi tumuruning wahyu jati sih nugrahaning hyang agung. kama awarna
seta manunggal kang awarna wrekta, nulya ibu Mursi kaparengaken hanggarbini.
Antuk sacandra denira
hanggarbini, ponang dzat mulya ngambah alam ekakamandanu, dwi candra dumugi
alam dwi panunggal, tri candra ing alam trilokamaya, ugi winastan alam ondar-andir nggih alam gondar-gandir. Liripun.. alam ingkang
keliwat gawat, sarta tansah haminta sakehing rĂȘna .... utawi kaprah winastan
nyidham.
Tulus lestari gya ngambah
alam catur hanggajati, wulagang neng
guwa garba, kadayan dinayaning sarining gana saking Gusti ingkang maha kawasa,
dalah tumuruning suksma hanenggih roh suci
Ngancik panca candra
inggih ing alam loka panca yitna jati. Ateges sampun pinaringan sipat jangkep
munggwing sadhaka jati.
Dumugi sad candra utawi
alam Sad Loka Jati lan ngancik
wonten pitung candra,ingkang winastan sapta kawasa jati, inggih alaming ponang
jabang bayi ingkang sampun ginadhuhan panca ndriya. Mila kalamun mesat saking
guwa garbaning ibu, sampun bangkit waluya jati, jati temahing waluya.
Kocapa, ing kalanira
dereng tumelung wahyu tumulung, pramila ponang jabang bayi aneras nggenira yoga
brata, sadhakep saluku tunggal, ngeningaken pancadriya, papat binerat, sajuga
sinidikara nut laksitaning bratajaya, nenggih bajra herawana. Tinampi
samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling, sasmita wasitaning kang kwaseng
gesang.
Wudhar denira samadi, ring
loka hastajati, amarengi kalaning
hasta candra winahya. Nawa candra wus kamarga, andungkap dasa arine, saking
loka nawa purnajati sumuling suwung
wiyose, myak langse gendhala giri, saking guwa garba mesat prapteng alam
padhang loka pana, acecala sabda nulya .... cenger brol lairing ponang jabang
bayi.
Wijilira sinarengan kadang
catur, sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margina; kakang kawah, rah
muka miwah adhi ari-ari.
Kacarita, jabang bayi ambabar pawestri, wanci sapeken kaparenging rama-ibu
tinengeran Rara lanjar setyarini.
Enggaling kang winursita,
wit wekel taliti tlaten anggenira nglelithing anggulawenthah sarta
pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, kaprigelan, kagunan miwah
kasusilan, putra pawestri nenggih Rara ..................................,
wulagang dadya kenya diwasa, seger saras jiwa raga, susila, prasaja, wasis
trampil sinembuh sulistyaning warni .... tur ugi sampun pinter ngupa boga
ing ....................., sinaoso tebih
paranipun namung ugi ageng gajinipun .....
Amarengi ari piniji surya
pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah ayu sembada jinatukrama
dening sang satriya sumbaga wiratama, priya geganthilaning nala, ingkang
peparab bagus ........................................., atmaja kakung
..........................................
Mangkana ta wau, telas
paripurna prastawa wigati, badhe penganten putri sinaratan bubak kawah, ingkang
esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas saru siku, anyenyadhang nugraha,
raharja bagya mulya.
Kasigeg panindaking tatacara bubak kawah, kirang jangkeping atur, kaladuk
dalasan cicir cewet pangroncening tembung, ukara miwah basa, namung tumadhah
tumetesing pangaksama. Nuwun
TUMPLAK PUNJEN
ASMARADANA
Binarung kidung ngrenggani,
Asmaradana sekarnya
Sung sasmita pilenggahe
Lumadining tatacara
Tumplak punjen wastanya
Pitutur luhur pra sepuh
Ingkang tumrap putra wayah
Para putra katingal sampun sowan ngabyantara
wonten ngarsanipun Bapa ............................ Sekalian, tumuli putra
pemabyun nenggih ............................................. kepareng badhe
matur wonten ngarsanipun rama saha ibu. Menggah wijiling pangandika mekaten:
Putra : Kula nuwun Rama
dalasan ibu, kula sakadang sami sowan
nuhoni dhawuh timbalanipun Rama tuwin ibu sekalian. Anamung saderengipun kula
sedaya nampi dhawuh ingkang wigatos, kula makili sedaya para kadang lan para
wayah, sakalngkung rumiyin ngaturaken sungkem mugi katur ngarsa panjenengan,
pinangka wujudipunbekti kula sedaya dhumateng Rama dalasan Ibu. Salajengipun
kula sedaya ngaturaken agenging panuwun, dene Rama dalasan Ibu sampun kepareng
nggulawenthah dhumateng kula sedaya, wiwit alit ngantos dumugining diwasa,
kanthi kebak tresna asih, adil lan wicaksana. Namung emanipun, kula sedaya
dereng saged ngaturi piwales ingkang satraju kalayan kasaenanipun Rama dalah
Ibu, kepara nambah karepotanipun Rama
lan Ibu. Kanthi menika, kula sakadang dalasan para wayah nyuwun diagung
ing pangaksama.
*Mekaten menggah
aturipun ..................................
Dupi midhanget
aturipun ingkang putra, kadya sinendhal mayang jroning nggalih nenggih bapa
................................................ gya umijil aris pangandikanira
hananggapi aturipun ingkang putra.
Rama : “Oh .............Hiya....!
Hiya......! Ngger Anak-anak lan putu-putuku kabeh gawe bombong lan bungahing
atiku lan Ibumu. Ngene ......Ya Nggger!
Ndadekna kawruhmu, satemene suwargane wong tuwa iku ora dumunung marang paweweh
lan piwales kang wujud bandha donya lan raja brana. Suwargane wong tuwa iku
manawa nyawang anak putune padha rukun, padha tentrem, bagya mulya, seger
kewarasan, lan urip padha ora nerak angger-anggering agama, nagara lan budaya.
Urip tansah nandukake budi welas asih lan ngurmati marang sapepadhane ngaurip,
jumbuh kalawan pituduh kang kapacak ana sajroning kitab suci Al Qur’an. Kowe
kabeh dadiya wong kang sholeh lan wong sing taqwa
“Ngger anak-anak lan
putu-putuku kabeh, mangertiya manawa bapak lan ibumu saya suwe tambah tuwa.
Kaya-kaya wis ora mbutuhake maneh bandha donya. Mula saka iku apa kang
dadi duweke wong tuwamu bakal dak
paringake sira kabeh. Mung wae piwelingku! Sira kabeh aja padha padudon lan aja
rebutan. sepira wae lan apa wae kang bakal dak wenehke tampanan kanthi
panarimaning atimu. Kanthi mangkono bisa andayani tumrap uripmu kabeh.
“Mangkono dhawuhku
marang anak putuku, poma-poma lali den elinga. Rahayu..... rahayu . Muga-muga
anak-anak putuku padha nemu kabagyan, kamulyan, katentreman lan kawilujengan ndonya nganti tumekeng
akhir.
POCUNG
Pan wus
jumbuh, sedaya ingkang pinupuh, gancaran carita, tumplak punjen kang lumadi,
bagya mulya , suka rena bale wisma.
1.
Tuladha
pasrah penganten kakung
a.
Tuladha sambutan pasrah temanten
kakung.
Kula nuwun.
Bapak…………, minangka sesulihipun
Bapak ……………….. ingkang kula tresnani. Kula dipunresaya kadang kula sepuh
Kangmas ……………………. ing ……………………………….
Ingkang sepisan,
ngaturaken salam wilujengipun kadang kula sepuh Kangmas ……………….. sekalian.
Kaping kalihipun, kula
kapitados nyowanaken putranipun jaler, ingkang nama Bagus ………………….. Ingkang kaajab
hangemong Rara ………………., putranipun Bapa ……………… sekalian. Ingkang punika
kalampahanipun panggih, kula sumanggakaken.
Kula sapangiring, hamung
ndherek nyenyuwun ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mugi
kalampahanipun panggih tansah binerkahan, sarta wilujeng ing salami-laminipun.
Ing wasana, tumrap kirang
jangkeping subasita kula sapangiring temanten, mugi sampun kirang ing pamengku.
Nuwun.
b.
Tuladha sambutan pasrah temanten
kakung.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kula nuwun,
Nuwun, Bapak..(bapake penganten putri)…
sekaliyan, kula sinaraya dening kadang kula enem pun Bapak...(bapake penganten
kakung) sekaliyan, supados matur wonten ngarsa panjenegan. Ingkang sepisan,
ngaturaken salam taklimipun, kanthi pepuji mugi-mugi panjenengan sakulawarga
tansah pinayungan ing Pangeran, kang satemah saget ambabar rahayu wilujeng
lumeber ing sedayanipun.
Kaping kalihipun, kula kinanthen
rowang sawatawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, nama pun
Bagus…(manten lanang).. ingkang sampun sarembag, badhe kadhaupaken kaliyan
Rara…(manten wadon)..putra pawestri panjenengan. Ingkang punika mugi keparengan
nampi. dene wonten kekiranganipun, Bapak (bapake penganten kakung)..sekaliyan,
hanamung saget nyuwun agenging pangaksami.
Minangka panutuping atur, mbok
menawi wonten atur kula saklimah, sowan kula sarowang, ingkang kirang trapsila
satemah boten damel suka renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu,
kula namung saget matur, jenang sela wader kali sesonderan, apuranta sedaya
lepat kawula.
Cekap semanten, nuwun. Wekdal kula aturaken
wangsul dhumateng panatacara.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
Kapetik saka “Mirasa Basa Jawa’
c.
Tuladha
pasrah
Kulanuwun,
Hawit nugraha saha berkahing Gusti
Ingkang Maha Agung, sowan kula sapangombyong panganten kakung tansah kinayoman
ing karahayon.
Bapak..(wakil saka kang duwe gawe) ingkang
kapiji hamakili Bapak..(kang duwe gawe) sekaliyan ing ngriki, sowan kula
sapangiring ing ngriki kadhawuhan dening Bapak..(wakil saka penganten lanang)
sekaliyan, saking..(alamat penganten lanang).
Hingkang kapisan, kula kadhawuhan
handumugekaken salam wilujengipun, mugi kaaturna dhumateng Bapak..(kang duwe
gawe) sekaliyan.
Kaping kalihipun, kula kadhawuhan
masrahaken penganten kakung Bagus (penganten lanang) ingkang sampun kasuwunaken
hangemong Rr..(penganten putri) putrinipun Bapak… sekaliyan, dados
jatukramanipun ngantos tumekeng wuri.
Menggah kalampahaning panggih, Bapak
(manten lanang) sekaliyan hamung sumangga hing pamurbaning Bapak (manten putri)
sakulawarga ing ngriki.
Ing wasana, kula tansah mawantu-wantu
lumunturing samodra pangaksama tumrap sedaya kekirangan ing bab tatabasa,
paramasastra, punapadene subasita, hanggen kula matur. Nuwun
“Bale Marcukundha”
2.
Tuladha panampaning pasrah
temanten kakung.
a. Tuladha
panampaning pasrah temanten kakung
Bapak………………………..minangka
sulih talanging basa Bapak…………………... sekalian saking ………………………………. ingkang kula
urmati.
Kajawi pambage raharja
kula dhumateng panjenengan sapangiring panganten priya, salam wilujengipun
ingkang hangresaya panjenengan, sampun kula tampi sarta lajeng kula aturaken
dhumateng ingkang wajib hanampi Bapak………………………. sekalian.
Panjenengan hanglarabaken
Bagus ………………………….., putranipun Bapa ………………. sekalian, ingkang kaajab hangemong
sutanipun estri Bapa-Ibu ……………….., nama pun Rara ………………………., punapa dene
kalampahanipun ijab saha panggih, panjenengan pasrah ing kula, sampun wonten
pamurba kula, sarta tumuli enggal badhe kula estokaken.
Wasana, sumangga sami
dipunsuwunaken dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mrih rancag lan
wilujengipun ing sapanginggil.
Makaten ingkang saged kula
aturaken, wonten kirang pantesing panampi kula, kula nyuwun lumebering sih
samudra pangaksama.
Nuwun.
b.
Tuladha
nampa pasrah penganten kakung.
Assalamu’alaikum Wr, Wb.
Nuwun,
Bapak……………………………………(paraga kang masrahake)……………..
Kapisan:
kula ngaturaken sugeng rawuh panjenengan sarowang. Sakelangkung ing syukur kula, dene rawuh panjenengan saestu
ngetrepi wanci ingkang prayogi.
Angka
kalih: salam taklimipun Bapak………………….(besan), lumantar panjenengan, kula tampi kanthi
suka rena, gumbira ing manah. Mugi pangajab lan pandonga kala wau kaijabahan
dening Allah SWT, ambabar kanugrahan, kawilujengan dhumateng kula sawarga,
sumrambah ing para tamu sedaya. Boten langkung dhawah sami-sami.
Kaping
tiga: Bapak…………………….lumantar panjenengan maringaken putra jaleripun, nama
Bagus……………………., sedaya kalawau kula tampi kanthi suka renaning manah.
Salajengipun, Bapak…………………….sampun
kepareng paring kapitadosan dhumateng kula babagan kalampahanipun dhauping
penganten, ing mangke kula sendikani, sanadyan namung sagaduking kuwawi kula.
Ingkang punika, panjenengan sakanca
kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang sampun kula cawisaken,
sumene sawetawis ngiras pantes angestreni dhaupipun penganten. Dene wonten
kiranging boja lan krama anggen kula nampi rawuh panjenengan sakanca, mugi
keparenga maringi agunging pangaksama.
Cekap
semanten atur kula. Nuwun.
Wassalamu’alaikum
Wr, Wb.
Kapetik saka “Mirasa Basa Jawa”
c.
Tuladha
nampa pasrah maneh
Kulanuwun,
Bapak………………………………sapangaraking penganten kakung, minangka wakilipun
Bapak…………………………………………….. sekaliyan……………………
Kula ingkang kapiji hamakili Bapak…………………………………….. sekaliyan, keparengan
kula hangatutaken pambage wilujeng hawit rawuh panjenengan sapangaraking
penganten kakung. Sasampunipun rawuh panjenegan kula tampi kanthi pambage
wilujeng, salam wilujengipun Bapak………sekaliyan, kula tampi kanthi suka lan
renaning manah, lan badhe kula dumugekaken ingkang wajib hanampi.
Menggah pasrah panjenengan, ingkang masrahaken penganten kakung pun
Bagus……………Putranipun Bapak……………………………….sekaliyan ingkang sampun kasuwunaken
hangemong Rr………………………………putrinipun Bapak…sekaliyan, dados jatukramanipun
ngantos tumekeng wuri, kula tampi. Dene kalampahaning panggih sampun wonten ing
pamurbaning Bapak…………sekaliyan ing ngriki.
Hing salajengipun panjenengan sapangiring, kula suwun lenggah dados tamu
hangestreni sarta mangestoni lumampahing tatacara kanthi suka renaning
penggalih.
Wasana tumrap kirang jangkeping panampi ing babagan tatabasa,
paramasastra punapadene ing subasita, mugi tansaha kersa paring agunging
pangaksama.
Nuwun.
“Bale Marcukundha”
Tuladha
Atur Pambagyaharja Mantu
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Para sesepuh, pinisepuh, para tamu kakung
miwah putri ingkang winengku ing pakurmatan.
Minangka purwakaning atur kula, sumangga
panjenengan sedaya kula dherekaken ngonjukaken suka syukur ing ngarsaning Gusti
ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring berkah tuwin rahmat satemah
panjenengan sedaya kalian kula saged kempal manunggal wonten papan menika
kanthi manggih karahayon.
Kula kadhawuhan hamakili Bapa ……………………..
sekalian supados matur wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Ingkang sepisan Bapa …………………………. sekalian
ngaturaken pambagya wilujeng awit rawuh panjenengan, saha ngaturaken gunging
panuwun panjenengan sampun kersa rawuh nuhoni panyuwunipun Bapa ……………………..
sekalian.
Wosing wigati ing dinten menika Bapa ……………………….
sekalian netepi darmaning asepuh, mahargya putrinipun ingkang nama Rara ……………………..
sampun kajatukrama kaliyan Bagus …………………….. putranipun bapa …………….. ingkang
pidalem ing …………………………..
Ijab qobul saha panggihipun penganten sampun
kalampahan pinaringan wilujeng tebih ing pambengan.
Bapa ………………………. sekalian nyuwun donga pamuji
panjenengan sadaya, mugi panganten kekalih lestari widada anggenipun mangun
bale wisma.
Para tamu sinedhahan ingkang winengku ing
sukarena, Bapa ……………………. sekalian ngaturaken gunging panuwun tumrap tandha
tresna ingkang sampun katampi, kanthi panalangsaning manah, Bapa ………………………..
sekalian boten saged males sih panjenengan, amung kasumanggakaken dhumateng
Gusti Ingkang Maha Mirah mugi kaparingan leliru ingkang sakalangkung.
Dangu saderengipun Bapa ……………………. sakulawarga
anggenipun ngrancang murih pahargyan siyang menika sageda damel renaning
panggalih ingkang sami rawuh. Parandene, dumugi tumapaking damel taksih kathah
kekiranganipun, boja punapa dene krama, ingkang sadaya kala wau damel kuciwa
ing panggalih, keparenga panjenengan hangluberaken agunging pangaksama.
Minangka panutuping atur, kula nglenggana
anggen kula matur taksih tebih saking jangkeping tata basa saha nalisir ing
trapsila, kula nyuwun pangaksama.
Nuwun. Matur nuwun