Minggu, 11 Desember 2011
Minggu, 27 November 2011
Materi Pawarta
Pawarta
I. mendengarkan
Standar Kompetensi : Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan memahami serta menanggapi berbagai ragam wacana lisan non sastra berupa pengumuman , berita dan cerita
Kompetensi Dasar : Mendengarkan berita yang disampaikan melalui media elektronik
Indikator : Menyebutkan sumber berita
Menyebutkan pokok-pokok isi berita
Menyampaikan isi berita secara lisan dalam ragam bahasa krama.
Menanggapi (isi) berita yang disampaikan secara lisan.
Menyusun berita dengan topik yang lain dalam ragam bahasa krama.
A. PAWARTA
Wong urip ing donya iki duwe butuh. Saben dinane nindakake pagawean. Pagawean iku kanggo nyukupi butuhing urip. Nalika ngaso, warna-warna kagiyatan kang dilakoni, tuladhane maca Koran, ngrungokake radio, nonton tv, saliyane iku ana wong sing seneng golek pawarta anyar. Pawarta iku bisa lumantar Koran, pawarta saka radhio lan pawarta saka TV. Pawarta asipat informative, isine ngabarake marang khalayak umum.
Supaya bisa ngrungokake pawarta lan nanggapi pawarta kanthi bener, para siswa kudu :
• Mbudidaya milih pawarta kang cocog karo sing diperlokake
• Tansah ngrungokake pawarta kanthi tlesih lan tliti
• Nemokake isi bakune pawarta
• Bisa mbedakake kanyatan lan panemu
• Bisa ngudhal lan tumanggap marang isine pawarta
.Saben dina ana wae pawarta anyar kang bisa diwaca utawa dirungokake. Kanthi pawarta, masyarakat dadi mangerteni informasi kang lagi nedhenge-nedhenge dirembug.
Perlu dimangerteni, panulise pawarta iku mesthi nggunakake metodhe 5W1H utawa ing basa Indonesia kerep diarani ASAKADAMBA, Pangertene padha yaiku apa, sapa, kapan, ing ngendi, genea lan kepriye kedadeane.
Manawa lagi ngrungokake pawarta ana bab-bab wigati kang kudu dimangerteni utawa digatekake. Bab – bab kang perlu digatekake ing antarane:
1. Saka ngendi sumbere pawarta
2. Kapan pawarta kaandharake
3. Sapa kang ngandharake
4. Apa isine
5. Kepriye kadadeyane
Ngrungokake pawarta kang digiyarake lumantar radio/TV pancen rada angel, awit ora bakal dibaleni. Supaya bisa ngrungokake pawarta perlu kawigaten kang mligi (konsentrasi).
Pawarta kang dibeberke lumrahe nganggo basa lugu (resmi). Tegese dudu basa endah utawa basa paguneman, supaya wong kang ngrungokake gampang anggone nampa lan sanalika mudheng isine.
Pawarta 1.
Dina selasa nganti tekan jemuwah, tanggal 15 - 18 November 2011,l Perpustakaan Nasional lan Balai Soedjatmoko Sala nggelar adicara pameran naskah kuno, buku kuno, lan peta kuno. Miturut pawarta kang ditampa Espos saka Pengelola Balai Soedjatmoko Sala, Yunanto Sutyastomo, sasuwene iki naskah kuno amung disinau kanggo panaliten utawa bahan gawe disertasi, kamangka kasugihan budaya iki aweh gambaran akeh ngenani sujarah, piwulang lan tradhisi bangsa iki. Pameran kang diadani dening Perpustakaan Nasional lan Balai Soedjatmoko iki bebas ditekani dening sapa bae, wiwit jam 09.00 nganti 21.00 WIB. Perpustakaan Nasional bakal mamerake naskah kuno, buku kuna, lan peta kuna.
Pawarta 2.
Jemuwah wengi tanggal 14 November 20011 Kampus Institut Seni Indonesia (ISI) Sala dadi segara manungsa. Warga saka dhaerah ngendi-endi padha tumpleg bleg dadi siji, bebarengan ngrayakake pambukane adicara agung Festival Kesenian Indonesia (FKI) VII 2011. Ing pendhapa ISI, atusan wong uyel-uyelan kepengin nonton pagelaran agung antarane Gamelan Pakurmatan lan Gong Gedhe. Bakune, dadi suguhan kang ora umum lan mirunggan.Gong Gedhe kang ditabuh dening para mahasiswa ISI Denpasar iku ngandhut daya kang ora biasa. Marai nggugah semangat lan daya kang linuwih. Tabuhan gamelan kang cepet iku pancen dadi ciri mligine irama Bali. Ndadekake awak dadi trengginas lan luwih gumregah. Dene babaran Gamelan Pakurmatan saka ISI Sala lan pitung mahasiswa pawiyatan luhur seni sak Indonesia ora kalah apike. Swasana sing dirasakae semu wingit. Pambeksa 7 kang asale saka ISI Sala, ISI Ngayogyakarta, ISI Denpasar, ISI Padangpanjang, IKJ, STSI Bandung lan STKW Surabaya, iku bisa mbabar joged kang adiluhung sarta gandhes luwes.
Pawarta 3
Lakon Wahyu Baskara Jati iku crita wayang kulit kang wus kababar dening dhalang Ki Sutiyono lan Ki Suparjo ing latar sekolahan SMPN 3 Kebakkramat, Karanganyar, jemuwah tanggal 18 November 2011. Lakon Wahyu Baskara Jati iki dibabar kanggo ngregengake pengetan ambal warsa kaping-94 Kabupaten Karanganyar sarta pengetan ambal warsane PGRI taun 2011. Mula, crita kang diangkat nengenake kiprahe guru jroning jagad pamulangan. “Negara kita mbutuhake wong kang bisa aweh pepadhang kang sejati. Ing kene iki digambarake jroning wujud guru. Guru iku dadi wong kang bisa nampa wahyu baskara jati kango madhangi jagad, lan minterake manungsa”, pratelane Ki Sutiyono, nalika ditemoni ing papan adicara. Negara kita iki pancen mbutuhake guru lan pemimpin sing bisa aweh patuladhan marang siswa utawa rakyat kang dipimpin. Sebab sejatine sak conto iku luwih becik ketimbang sewu pitutur. Pagelaran wayang kulit iku uga kanggo aweh piwulang kautaman lan patuladhan marang para siswa sing dadi pamirsane.Sadurunge pagelaran wayang kulit, kabeh siswa lan guru padha ngleksanakake upacara gendera kanthi busana lan basa Jawa. Lan dibacutake maneka warna adicara, kayata maca geguritan, lomba keluwesan busana Jawa, sarta pagelaran wayang.
Gladhen
Rungokna salah siji pawarta basa Jawa kang digiyarake lumantar radhio utawa TV, banjur tulisen bab-bab kang wigati ing ngisor iki!
1. Apa irah – irahane pawarta mau?
2. Kapan wektune pawarta mau kawacakake?
3. Sapa pawongan kang macakake?
4. Saka ngendi sumbere pawarta?
5. Gaweya synopsis (ringkesan) isine pawarta mau!
Tugas Terstruktur
Goleka pawarta saka ariwarti, kalawarti utawa internet kang isih migunakake basa Indonesia banjur diganti dadi basa Jawa migunakake basa krama kang becik!
Kegiatan Mandiri Tidak Terstruktur
Rungokna pawarta saka TV, Radio utawa internet, banjur tulisen isine pawarta mau. Tulisen uga sumber pawarta mau saka ngendi. Sabanjure wenehana tanggapanmu babagan isine pawarta!
II. BERBICARA
Standar Kompetensi : Berbicara
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa.
Kompetensi Dasar : Menyampaikan informasi yang diperoleh melalui radio, televisi, atau internet
Indikator : Menyebutkan secara lisan sumber berita
Menyebutkan secara lisan pokok-pokok isi berita
Menyampaikan isi berita secara lisan dalam ragam bahasa krama
Menanggapi isi berita yang disampaikan secara lisan
Mengungkap kembali isi berita dengan ragam bahasa krama
Menyusun berita dengan ragam bahasa krama
A. Katrangan
Manungsa warganing bebrayan mesthi ora bisa uwal saka manungsa liyane. Ing saben dinane mesthi mbutuhake informasi. Informasi utawa kabar bisa katemokake saka medhia elektronik kayata radhio, televisi, internet lsp, utawa saka medhia ora elektronik kayata kalawarti, ariwarti, lan buku. Ngandharake kabar utawa informasi marang wong liya kuwi ora gampang, apa maneh ngandharake ing ngarepe wong akeh, bisa-bisa apa kang arep dikabarake malah salah kedadeyane.
Informasi iku sawijining bab kang nyebutake utawa njlentrehake sawijining bab utawa perkara. Infomasi mau bisa awujud pawarta, artikel, asil ilmiah lsp. Informasi kang diwenehake marang wong liya kudu cetha lan bisa ditampa pamiyarsane (wong kang nyemak), mula saka kuwi kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki.
1. Pocapan (lafal), kudu nggatekake aksara vocal apa dene konsonan
2. Lagu ukara, gegayutan karo cendhek dhuwure swara (nada)
3. Intonasi (jeda), mapane punggelan ukara
4. Pandelenging netra sabisa-bisa duweni prabawa kanthi pandulu kang jejeg
5. Maca utawa micara kanthi sikep kang santun
Supaya apa kang arep dikabarake marang wong liya ora salah kedaden, kang kudu digatekake yaiku :
• Sumber informasi kudu cetha
• Kudu ngerti isine
• Informasine kudu anyar, actual lan bisa dipercaya
• Kanggo sapa kabar mau
• Kabar mau ora kena ditambah-tambahi utawa dikurangi
• Tujuane menehi kabar marang wong liya
• Paedahe informasi mau kanggo wong liya
Tuladha informasi 1
Dhalang Bocah 77 andon kawasisan ing TBJT
Dhalang bocah udakara cacah 77 saka sawetara dhaerah andon kawasisan mbabar karya jroning pagelaran Temu Dhalang Cilik Nusantara IV 2011, kang ginelar ing Pendhapa Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) utawa TBS Sala, wiwit senen nganti setu, tanggal 4 – 9 Juli 2011. Nalika adicara iki dibukak, para pamirsane antuk panglipur pagelaran campuran kanthi lakon Gathutkaca Jedhi. Lakon iki dibabar jroning wujud pakeliran lan wayang wong. Kabeh diparagani para bocah. Miturut Pangarsa adicara , Mudjiono, adicara iki sansaya ngrembaka becik lan antuk kawigaten kang luwih dening warga bebrayan. Gunggunge kang ngeloni uga tambah akeh. Diajab, adicara iki saliyane dadi srana nguri-uri seni tradhisi, uga bisa nuwuhake dhalang-dhalang anyar kang mumpuni.
Sumber : Jagad Jawa Sala Pos
Tuladha informasi 2
Wasis Ngrebab
Warta manawa music tradhisional Jawa utawa karawitan iku ditresnani warga manca pancen ora wates kabar ngayawara. Ing kutha Sala, akeh banget warga manca sing aweh kawigaten marang karawitan, kepara nganti ana sing kepengin gladhen kanthi temenan. Sawetara warga manca iku uga banjur kuliyah ing Institut Seni Indonesia (ISI) Sala, saperlu sinau luwih jero marang musik karawitan kuwi. Umpamane John Rea, warga Amerika Serikat. Tumrape John, karawitan iku kaya dene irama kang bisa kanggo tamba lan bisa ngayem-yemi ati. Iramane kang alus lan ngandhut daya lan rasa kang tandhes iku sing bisa nggawa swasana awak kaya nalika meditasi. Kabeh dadi wening lan tentrem. “Karawitan iku music sing paling endah, sing dakrasakake”ujare John, nalika ditemoni ing balai Soedjatmoko Sala, dina Senen 15 Agustus 2011. John dhewe bisa diarani wus trampil main rebab lan gender, rong jinis gamelan sing dadi cekelane sasuwene iki. Ilmu karawitan iku antuk saka ISI Sala, nalika John kuliah ing papan kono.
Sumber: Jagad Jawa, Sala Pos
Tuladha Informasi 3
Warga kangelan nyinau naskah kuna
Naskah warisane leluhur satemene ngandhut maneka warna jinis warta kang luwih pepak tinimbang tinggalan kang awujud wewangunan. Amarga tinggalan naskah kuno iku bisa nggambarake jaman ja mbejuja, kang nyimpen lan isi wohing pikiran, rasa, adat, sarta kabar jaman mbiyen. Dene naskah-naskah bangsa kita biyasane disimpen ing perpustakaan-perpustakaan, museum, lan uga simpenan pribadi kang isih durung ketata lan cinathet. Iman Sutardjo, dhosen Sastra Dhaerah FSSR UNS Sala nalika medhar andharan ing pirembugan ngenani naskah kuna ing Balai Soedjatmoko Sala, dina Kemis, tanggal 17 November 2011, ngandharake menawa akehe naskah kuna iku kurang jumbuh karo kawigaten lan upayane masarakat kanggo maca, ndhudhah kandhutan isine supaya bisa ditrapake sarta disumbangakae marang upaya mbangun watake bangsa. Masarakat ora pati nggatekake naskah kuna jalaran kangelan anggone maca lan nyinau naskah-naskah kuna, utamane prakara tulisan lan basane. Naskah kang arupa karya sastra lawas duweni ciri mligi kang ora ana jroning sastra modheren, kayata jinise aksara, basa, wujude karya sastra lan liya-liyane.
Gladhen
A. Kanthi gilir gumanti siswa maca informasi ing dhuwur, siswa liyane nyemak kanthi premati, lafal, lagu, intonasi uga wosing informasi. Banjur mangsuli pitakonan lan menehi tanggapan informasi kang diwaca.
Saka informasi 1-3, golekana:
1. Saka ngendi sumbere informasi kasebut?
2. Apa irah-irahane?
3. Kapan dumadine kadadeyan mau?
4. Apa wos surasane informasi kasebut?
5. Kepiye tanggapanmu ngenani informasi kasebut dikantheni alesane?
Tugas Terstruktur
Goleka pawarta saka internet, banjur tulisen informasi mau awujud artikel kang bakale diandharake marang kancamu!

Rabu, 23 November 2011
Langganan:
Komentar (Atom)